Kaca:Kidung Megatruh.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Aku lungguh dhewekan neng taman sekolah.

“Pit, ana apa?” pitakonane Mayang. Swarane Mayang mbuyarke pangangen-angenku. Sanajan wis ngerti sapa sejatine Mayang, nanging aku tetep isih kekancan karo Mayang. Iki kang daksenengi saka Mayang. Dhewekebisa maca pikiran menawa atiku lagi ora tentrem.

“Ora ana apa-apa kok, Yang.”

“Orasah ngapusi. Kawit mau daksawang kowe katon bingung. Crita wae ora papa!” Aku meneng sedhela, awan kuwi langit katon endah. Hawane pas, ora panas nanging uga ora adhem. Mbaka sethithik dakwiwiti blaka..

“Yang, aku bingung... ujian wis arep diwiwiti. Nanging nganti saiki aku durung nampa kertu ujian amarga durung mbayar SPP.” Mayang meneng sawetara, banjur ngomong maneh kang gaweatiku kaget.

“I have a good idea! Aku duwe ide kang bisa nulung kowe!” omong Mayang karo ngguya-ngguyu.” Apa?” “Mm... Aku duwe kenalan wong- wong sugih. Sapa ngerti bisa nulungi kowe?” ngomonge kanthi semangat.

“Hah... Maksudmu aku dadi 'kupu-kupu malam' kaya kowe?” wangsulanku kaget. “Yeah... Paling-paling kowe mung dikon ngancani mlaku-mlaku. Kan lumayan duwite bisa kanggo bayar SPP. Kuwi rak niyatan kang apik. Ora ana klerune ta, Piye? Omongane Mayang mau banget nggawe aku kaget setengah mati, kaya anjlog saka gedung kang dhuwure 1000 meter.

“Yang, kokpikir aku bocah wadon kaya apa? Dakkandhani ya, sanajan aku cedhak lan kekancan apik karo kowe, nanging ora kudu aku dadi kaya kowe.” wangsulanku kanthi emosi. “Lha, kowe mung ngancani mlaku-mlaku, ora nganthi tumindak ala kaya mangkono. Lan maneh rak ya lumayan, mengko kowe bisa tuku klambi, nyalon, tuku sepatu. Ora mbayar!”

“Tetep ora. Aku iki wong Ngayogyakarta kang isih njaga adat ketimuran. Sanajan wong ora duwe, nanging aku tetep njaga ajining dhiri. Yen kepepet kudu kerja, dakupayakke golek gawean kang halal. Dudu kuwi sing dakbutuhke, aku arep nyuwun keringanan marang Pak Kepala Sekolah supaya bisa melu ujian. Ora daknyana kowe bisa ngomong mangkono. Pranyata kowe ora beda karo bocah wadon kang ora bener, kang senenge