Kaca:Kidung Megatruh.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

jenjem.

“Yang, apa kowe wingi lunga neng Malioboro Mal?” takonku ati- ati.Mayang katon kaget krungu pitakonanku. Dheweke banjur ambegan landung lan miwiti omong.

“Iya, aku wingi pancen neng Mal.”

Jleg... dadaku banjur sesek krungu omongane Mayang mau. Tegese bener, bocah wadon kang dakdelok wingi pancen dheweke. Nanging karo sapa? Bapake? Ora mungkin. Mayang wingi ngomong menawa bapake meng Singapura.

“Aku ngerti apa kang ana neng pikiranmu, kowe mesthi ngira aku "kupu-kupu malam, ta?”

“Nanging pikiranku kleru ta, Yang?”

“Koweora kleru Pit, apa kangana ing pikiranmu sanyatane.”

Aku meneng lan ora bisa ngomong apa-apa maneh. Pikiranku buyar, dadaku sesek, aku ora nyangka Mayang kang dak kenal, pranyata ora luwih kaya kang diomongke uwong-uwong, “kupu-kupu malam”.

“Nanging ngapa kowe kaya mangkono, Yang? Yen ndelok materi, dak kira kowe bocah kang kacukupan. Kowe ayu, pinter lan aku yakin akeh cah lanang kang tresna lan ngoyak-oyak kowe!”

“Kawigaten lan pergaulan.” Swasana temen-temen sepi nyenyet, banjur dheweke ngomong maneh.“Aku pancen nduweni kabeh kang kokomongke mau, nanging aku ora entuk kawigaten saka bapak lan ibuku. Panjenengane sibuk marang pegawean, nganti lali karo anakke dhewe. Banjur pergaulan neng Bandung, kowe ngerti piye kahanan Bandung ta, Pit? Wiwitane aku uga wegah nindakake kabeh iki, nanging suwe-suwe aku mikir.

Aku wegah narima dhuwit saka wong tuwaku maneh. Aku pengin nuduhake marang wong tuwaku yen aku bisa urip tanpa pambiyantune. Aku wegah ngathungke tangan terus.” omongane Mayang tandhes. Aku ora ngerti dalan pikirane Mayang. Dina iku udan, langite pateng, wit-witane katon seger kesiram banyu udan. Sajakealam ngerti kahananing atiku.

Dina kalawan sasi lumaku cepet. Ora krasa ujian ming kari ngetung dina. Saliyane kudu sinau kanthi tenanan, aku uga kudu ngrampungake administrasi sekolah. Mau bengi wis dakaturke ibu, nanging ibu ngendika durung kagungan dhuwit. Aku bingung, amarga yen durung mbayar, tetep ora bisa nampa kertu ujian.