Kaca:Kidung Megatruh.pdf/90

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Halah..... memper wae kowe pinter.”

Aku karo Mayang banjur omong-omong ngalor ngidul, ora krasa sawise sawetara dina kekancanan, aku dadi cedhak karo dheweke. Kanggoku, dheweke bisa dadi kanca kang apik lan uga duwe pemikiran dewasa. Dhewekebisa gawe tentreming atiku nalika nandang prakara.

Mayang iku bocah wadon kang ora mung ayu nanging uga pinter. Buktine dheweke gampang srawung neng kelas iki. Kabeh pelajaran bisa dimangerteni kanthi cepet. Nanging aku bingung, ngapa dheweke ora gelem cedhak karo kanca-kancaliyane, saliyane karo aku.

“Yang, kowe ngapa tho kok sajakke ora gelem cedhak karo kanca- kanca liyane?” takonku ngati-ati. “Hah ..... o..... ora ngana, aku ki rak ya murid anyar, dadi aku wegah nek dikira SKSD. Eh aku neng kolah ndhisik ya?” wangsulane cepet-cepet.

Aku nangkep ana sing didhelikake saka Mayang. Ngapa dheweke ora gelem kekancan karo bocah liya. Ngapa dheweke geleme mung cedhak karo aku? Pitakonan kabeh kuwi mubeng-mubeng neng utekku.

Sawijining dina, aku lunga karo ibuku menyang Malioboro Mal. Dumadakan wae mripatku kaya nyawang bocah kang tau dak kenal. Bocah kuwiayu rambute dawa lurus.

“Mayang?” gunemku lirih. “Sapa, Pit?” Ibu ndangu aku.

“Sanes sinten-sinten kok, Bu?” wangsulanku karo nyingidake rasa kaget.Jroning pikiranku isih kumlebat pitakonan sapa sejatine bocah wadon iku. Aku percaya tenan menawa bocah kuwi Mayang. Nanging yen kuwi pancen bener Mayang, kok gandengan karo wong lanang sing umur- umurane luwih tuwa, kepara kacek adoh saka dheweke. Dadi bisa digolongakeom-om. Maneka warna pikiran sing ora-ora ngebaki utekku.

“Apa gek.... gek .... Mayang......? Hah ora mungkin! Grenengku lirih tanpa sadar aku ngomong dhewe. “Pit, kowe ngomong karo sapa ta? Kok kawit mau sajake katon bingung?”“ Boten wonten menapa-menapa kok Bu. Ibu sampun menapa dereng anggenipun blanja? “Uwis kok, Ndhuk. Ayondang bali sajake kowe kesel tenan.””Inggih Bu, kula dherekaken.”

Esuk kuwi aku menyang sekolah kanthi. Atiku bingung, deg- degan amarga Mayang wis lungguh neng jejerku. Jroning ati tansah perang batin, nanging Mayang kudu tetep daktakoni. Timbangane pikiranku ora