Bapa Kuwalon
BAPA KUWALON
‘Kepriyé, Tinah? Apa kowé gelem nimbangi tresnaku tenan?’ mengkono pitakoné pak Bandi marang Tinah ing sawijining soré. Tinah sing ditakoni bisané mung tumungkul karo ngulapi eluhé.
‘Priyé, Tinah? Aku janji yèn ora bakal nindakaké samubarang kang nerak angger-angger kaya biyèn. Aku bakal tresna marang kowé, manut apa sapakonmu,’ tembungé manèh ngrerepa. Tangané dolanan sinomé Tinah kang mrenṭel-mrenṭel ngresepaké iku.
‘Tin,’ pangrimuké manèh.
‘Mas Bandi, sakjané aku ora tresna marang panjenengan. Luwih-luwih yèn aku kèlingan marang tumindak-tumindak panjenengan kang ora samesṭiné iku. Nanging aku ngreti manawa aku kudu duwé wong lanang, luwih-luwih yèn ngélingi anakku si Sumiyati iku.’
‘Dadi …?’ pitakoné pak Bandi ora sabar.
‘Akèh sanak-sedulur kang menggak supaya aku adoh karo panjenengan, nanging embuh saka apa, aku kok ora bisa pisah karo panjenengan,’ tembungé karo luwih tumungkul. Eluhé sangsaya deres wetuné. Kerana mengkono pak Bandi bisa ngreti manawa akèh siṭik Tinah uga tresna marang ḍèwèké.
Let telung dina saka kedadéyan kuwi pak Bandi sida omah ana ing omahé Tinah, ranḍa enom sing wis anak siji wadon, ḍèk semana kira-kira umur patang taun, dijenengaké Sumiyati. Uripé katoné mulya, senadyan sajatiné Tinah ora pracaya marang sing lanang. Wong sing wis tau cacad, masa bisa mari blas?
Sajatiné enggoné omah-omah iku kena diwerdèni yèn mung bebarengan urip tenan, liré tinimbang ora duwé wong lanang. Kanggoné Tinah yèn diwawas saka banḍa lan barang darbé ngono wis cukup. Ḍèwèké duwé omah sapekarangané kang jembar, duwé sawah rong paṭok lan duwé sambèn nyegat beras ana pinggir ndalan, yèn wis akèh digawa menyang kuṭa, diedol ana kana. Kabèh mau mujudaké pametu kang ora seṭiṭik. Tinah ora dadi mlarat nanging suwaliké banḍané malah saya tambah-tambah.
Anané ḍèwèké gelem omah-omah karo pak Bandi iku marga ḍèwèké wis tau ‘keplèsèd’, kecemplung jurang pamisésaning Iblis. Tinah kelebu [ 119 ]prawan ayu, digandrungi saben jaka. Akèh kang paçla dibalèkaké, jalaran Tinah wis duwé ukuran. Kang bakal ditampa ya-iku jaka kang bagus, cekel gawé, penḍiḍikané ḍuwur lan duwé banḍa tinggalan. Nanging Gusti selawasé ora bakal maringi panyuwuné wang sing kegeḍèn panjangka, luwih-luwih sing atiné gumeḍé. Tinah ora dilamar déning jaka sing dadi iḍam-iḍamané iku, suwaliké malah dilamar déning 'panji klanṭung'.
Bener jaka mau bagus, ngakuné wetan akaḍémi, nyambut gawé ana ing jawatan penting lan ngaku putrané bupati. Nanging kabèh mau mung isapan jempol baé, ora ana buktiné babarpisan. Buktiné ya-iku bareng Tinah gandrung marang ḍèwèké, jaka mau lunga lan Tinah wetengé saya munḍak geḍé.
Kocapa bareng weruh manawa Tinah wetengé saya geḍé iku teka ora ana sing sudi manèh. Dalasan sing biyèn ditulak mentah-mentah baé saiki emoh diwènèhi obralan. Sidané jabang-bayi lair 'tanpa darbé bapa. Wektu lumaku nganti limang taun, wirang isih tetep nylorèngi rainé. Nanging Tinah tetep momong anaké kanṭi kebak tresna, jalaran ḍèwèké rumangsa ndarbèni bocah iku. Kulité kuning kaya ḍèwèké, lambéné cumiwel kaya lambéné, lan irungé mbangir kaya irungé 'bapaké'.
Wekasan ing kampung kono katekan wong anyar kang jeneng Subandi, ngakuné saka Sala. Subandi mau wis tuwa, nanging ngakuné isih jaka. Umuré kira-kira telung puluh lima taun. Ana kampung kono Subandi tansah nuduhaké bektiné marang masyarakat, sabarang tindaké katon yèn anḍap asar. Lan bareng ḍèwèké weruh Tinah, sajaké 'panah asmara' wis tumancep ing ḍaḍané.
Subandi utawa pak Bandi sida srawung karo Tinah. Lan pungkasaning srawung, ḍèwèké takon apa Tinah gelem nimbangi tresnané.
Kanggoné wang kang wis naté tatu, Tinah ora kena diapusi. Ana ing ngarepé pak Bandi barès-kurès, ora bisa sélak manèh. Lelakoné dibèbèr kabèh, siṭik ora ana kang kari. Ana kanané pak Bandi iku wis kawin, nanging ora pinaringan momongan. Marga saka 'kesepèn' iku dadiné pak Bandi nguja hawa nepsuné. Prasasat saben dina ḍèwèké lunga mulih, lan ganḍèngé wong wadon mesṭi solan-salin, warna-warna moḍèl lan kabangsané.
Wiwitané Tinah ora kéngguh marang pangrepané pak Bandi. Nanging suwéning-suwé ḍèwèké duwé pamupus, sepisan kena kanggo 'lanang-lanangan' lan kaping pinḍoné ḍèwèké ngélingi anaké ing tembé mburiné. Kepriyé yèn takon bapa?
Dina tambah lumaku, Sumiyati saya katan ayuné, ora kalah karo [ 120 ]embokné ḍèk isih prawan. Tinah ḍéwé wis wegah ngudi sarira, dadi iya katon olèhé kuru lan mboseni. Pipiné katon blentong-blentong ireng marga panasing srengéngé yèn ḍong nggarap sawah. Rambuté akèh sing wis paḍa rontog. Semuné ḍèwèké ora mreduli marang kahananing urip iki, ora mreduli marang apa kang seḍeng lan bakal tumindak. Ḍèwèké tansah nyambut gawé abot, lan iku semuné kanggo nglipur atiné. Mbokmanawa tresnané marang 'panji klantung' kang mènèhi Sumiyati iku biyèn isih nabet ing telenging atiné.
Ana déné pak Bandi ḍéwé tetep dadi wong mukti kaya biyèn. Nyambut gawé ya mung yèn gelem, mangan tansah diladèni, apa karemané mesti keturutan. Malah asring baé ḍèwèké mbalèni 'sejarahé' biyèn, mbanting gunung, ngombé arak lan nyanḍing wanita pelanyahan. Kabèh mau ditata kanti pratitis lan sesiḍeman, nanging Tinah iya meksa weruh. Mung baé Tinah emoh ngélikaké, lan pancèn ḍèwèké wis wegah ngurusi.
Omah kuwi dadiné katon sangsaya sepi lan tanpa praba. Katon pucet lan tanpa pangarep-arep. Dalasan Sumiyati kang bakal dadi ratuning kasulistyan iku baé iya wis ora mreduli manèh marang kahanan. Ḍèwèké uga ora ngreti apa lan endi kasusilaning jagad iku kang utama lan bener ḍéwé. Ora marga luputé, nanging marga wong tuwané kang masa boḍo iku.
Rikala Sumiyati ngidak ing plataraning kadiwasan, ana lelakon kang gawé seḍihé, ya-iku embokné alias Tinah mati ndadak. Soré jam pitu masuk angin, jam sanga sida bablas. Wong sakampung kono paḍa mèlu prihatin, mèlu kélangan warga kang sregep lan tawakal. Nanging ing sajroning prihatin iku, ora ana kang paḍa apitakon, yagéné Tinah bisa mati ndadak mengkono.
Tinah kakubur kanti upacara, kakubur kanti tentrem lan rahayu. Let setaun saka kedadéyan iku, pak Bandi ngedol barang darbèké. Omah pekarangan lan sawah dikon ngrumati ahli waris. Sumiyati diajak urip ana kutané, ya-iku ... Sala.
Sanyatané, anggoné Tinah ora ana iku ora liya iya saka pokal gawéné Subandi ḍéwé.
Tekan kuta pak Bandi dipapag déning sanak-kadangé lawas. Saiki wis paḍa ketemu tuwa, umuré ora kurang saka sèket taun. Éwadéné guyoné isih kaya ḍèk isih enom, jalaran paḍa tunggal hobiné.
Sadurungé mulih iku pak Bandi wis bisa 'nebus' omahé biyèn. Sing rada makéwuhi ya iku omah iku ana sing ngenggoni, ya-iku Sunardi, isih jaka, isih sekolah ana ing perguruan tinggi. Sunardi isih ngenggoni [ 121 ]pavilyun, jalaran ḍèwèké iya rumangsa wis nyéwa apa mestiné.
Sumiyati tekan ing omah kono mung kari nemu baé. Apa-apané wis seḍiya kabèh. Panḍapa wis pepak méja kursi lan rerenggané, kamar tengah wis jangkep piranti-piranti gelas piring lan sapanunggalané, lan pawoné wis ana kompor, panci-panci lan bekakas liyané pepak. Kang mangkono iku dadi lan ḍemening atiné.
Soréné mitra-mitrané pak Bandi sok paḍa teka, paḍa jejagongan kaya wong selapanan kaé. Regeng nganti tekan bangun ésuk.
'Wah, ana uwong kok ora kaya Bandi,' mengkono celatuné sawenèhing mitrané. Liyané sumambung: 'Kepriyé?'
'Kepriyé? Wong kaya Bandi kuwi rak kena kaéwokaké ladak kawarisan ngono kaé. Nèk kéwané ngono kucing.'
Liyané paḍa ketarik déné gawé sanépa kok kucing, dudu kéwan liyané sing umum, kebo, weḍus utawa jaran. Celatuné: 'Kowé kuwi aja anèh-anèh ta, gawé sanépa kok kucing. Mbok weḍus mangan tandur ngono, apa kebo nusu gudèl.'
'O, kuwi sanépa lumrah, angger uwong ngreti. Coba rungokna kanḍaku. Kowé rak wis ngreti kucing ta? Sapa sing durung weruh?'
'Wis, aja nggladrah, rak kucing kéwan kuwi ta, dudu kucing kertu?'
'Dudu, kucing kéwan kuwi.'
'Lha iya wis, ndang gelis.'
'Hara, kowé ngreti sipaté kucing kuwi kepriyé?'
Liyané paḍa wiwit mikir, nanging panemuné paḍa ora anèh, rumangsané dudu sing dikarepaké déning sing omong sepisanan mau.
'Sing kok-karepaké apa olèhé seneng ḍepipas-ḍepipis iku?'
'Dudu, dudu kuwi!'
'Nèk asu, ana ciriné sing kebangeten. Arepa diingoni nganggo iwak kaé mesti golèk kotoran.'
'Dudu, dudu kuwi!'
'Apa sing matané plorak-plorok nèk bengi kuwi?'
'Sangsaya dudu.'
'Ya embuh yèn ngono. Wis, ndang terangna.'
'Ngéné ya, kucing kaé yèn dikeplèkké piyé?'
Ana sing nyelani: 'Wis, kowé ki aja katenta sing main baé. Mau kanḍa dudu kertu, saiki kanḍa ngono.'
'Wis ta, yèn ora ngreti aja nyela-nyela.'
'Ya nyela-nyela pisan, wong édan dituruti.'
'O, nggladrah ta, wong kéné omong tenan jaré.'
'Kucing dikeplèkké ya mung gumantung sing ngeplèkké. Yén mlumah ya mlumah, yèn mengkureb ya mengkureb.' [ 122 ]'Ta, rak ora nitèni ta, ngandel aku. Nèk kucing kertu aku precaya.'
'O, ya, ya, saiki ngreti aku. Kucing kuwi mbok dibanting ngana-ngéné kaé mesti ngadeg.'
'Lha, ya kuwi sing dak-karepaké.'
'Lha njur piyé hubungané?'
'Lha coba, pak Bandi kuwi wong wis kesara-sara kaya ngana, coba, saiki kepriyé? Rak ya meksa tiba kepénak? Mulih bisa nebus omahé, malah nggawa manèh sing luwih ayu.'
Liyané mantuk-mantuk tanḍa nyetujoni téori mau. Dikapak-kapakna, pak Bandi pancèn tiba kepénak, durung tau cilaka. Yèn main kerep menang, saiki mulih nggawa wong ayu. 'Ko sik, ndak 'takon,' mengkono sawenèhing pitakon: 'sing kok-gawa kuwi apamu, pak Bandi, bojomu apa anakmu?'
Durung nganti pak Bandi mangsuli, kancané wis mbélani: 'Ya ganḍèngané ngono! Kok sapa! Masa nèk anaké weruh-weruh wis samono geḍéné? Lungané lagi pirang taun? Paling-paling limalas taun.'
'Ya ora langka ta? Anak kuwalon?' 'Kuwalon apa? Pak Bandi kok nganti duwé kuwalon. Kelakona duwé ya ḍipèk ḍéwé.'
Banjur paḍa ngguyu cekakakan. Pak Bandi ḍéwé mung klécam-klècem baé. Sarembugé mitra-mitrané mau mung tansah nyolong pikirané, akèh kang paḍa presis.
Wengi iku paḍa ora lali sambèné, paḍa nguja kasukan main lan minum. Pak Bandi katon luwih enom sepuluh taun manèh, rumangsa keturutan karepé, tanpa ana kang prelu diwedèni.
Sauntara kuwi Sumiyati ribut olah-olah ana pawon. Ora ana kang
mbiyantu, kejaba mung bocah monḍok iku. Sumiyati durung ngreti
ubeng-ingeré kuta, daḍi yèn butuh ika iki isih kiçlung. Katujuné ana bocah monḍok, dadi ya ora kerépotan.
Mesti baé ing pasrawungan anyar iku kawetu pitakonan-pitakonan kang wosé kepéngin ngreti apa lan sapa, ngenḍi asalé lan sapanunggalané.
'Asma sinten, ḍik?'
'Kula, mbak? Sunardi.'
'Wah, saé 10 asmanipun, kaya ponakanku kaé. Jenengé ya Sunardi.'
'Inggih ta, mbak?'
'Inggih, piyambakipun dados konḍèktur jurusan ngétan.' Sunardi mung mèsem baé. Sabanjuré Sumiyati celatu manèh: 'Ning anu kok, ḍik, piyambakipun punika ambeg. Angger aku nunut mesti dikon mbayar.' [ 123 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/135