Menyang kontèn

Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/134

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

122

Javanese Literature since Independence

'Ta, rak ora nitèni ta, ngandel aku. Nèk kucing kertu aku precaya.'

'O, ya, ya, saiki ngreti aku. Kucing kuwi mbok dibanting ngana-ngéné kaé mesti ngadeg.'

'Lha, ya kuwi sing dak-karepaké.'

'Lha njur piyé hubungané?'

'Lha coba, pak Bandi kuwi wong wis kesara-sara kaya ngana, coba, saiki kepriyé? Rak ya meksa tiba kepénak? Mulih bisa nebus omahé, malah nggawa manèh sing luwih ayu.'

Liyané mantuk-mantuk tanḍa nyetujoni téori mau. Dikapak-kapakna, pak Bandi pancèn tiba kepénak, durung tau cilaka. Yèn main kerep menang, saiki mulih nggawa wong ayu. 'Ko sik, ndak 'takon,' mengkono sawenèhing pitakon: 'sing kok-gawa kuwi apamu, pak Bandi, bojomu apa anakmu?'

Durung nganti pak Bandi mangsuli, kancané wis mbélani: 'Ya ganḍèngané ngono! Kok sapa! Masa nèk anaké weruh-weruh wis samono geḍéné? Lungané lagi pirang taun? Paling-paling limalas taun.'

'Ya ora langka ta? Anak kuwalon?' 'Kuwalon apa? Pak Bandi kok nganti duwé kuwalon. Kelakona duwé ya ḍipèk ḍéwé.'

Banjur paḍa ngguyu cekakakan. Pak Bandi ḍéwé mung klécam-klècem baé. Sarembugé mitra-mitrané mau mung tansah nyolong pikirané, akèh kang paḍa presis.

Wengi iku paḍa ora lali sambèné, paḍa nguja kasukan main lan minum. Pak Bandi katon luwih enom sepuluh taun manèh, rumangsa keturutan karepé, tanpa ana kang prelu diwedèni.


Sauntara kuwi Sumiyati ribut olah-olah ana pawon. Ora ana kang mbiyantu, kejaba mung bocah monḍok iku. Sumiyati durung ngreti ubeng-ingeré kuta, daḍi yèn butuh ika iki isih kiçlung. Katujuné ana bocah monḍok, dadi ya ora kerépotan.

Mesti baé ing pasrawungan anyar iku kawetu pitakonan-pitakonan kang wosé kepéngin ngreti apa lan sapa, ngenḍi asalé lan sapanunggalané.

'Asma sinten, ḍik?'

'Kula, mbak? Sunardi.'

'Wah, saé 10 asmanipun, kaya ponakanku kaé. Jenengé ya Sunardi.'

'Inggih ta, mbak?'

'Inggih, piyambakipun dados konḍèktur jurusan ngétan.' Sunardi mung mèsem baé. Sabanjuré Sumiyati celatu manèh: 'Ning anu kok, ḍik, piyambakipun punika ambeg. Angger aku nunut mesti dikon mbayar.'