Bapa Kuwalon
121
pavilyun, jalaran ḍèwèké iya rumangsa wis nyéwa apa mestiné.
Sumiyati tekan ing omah kono mung kari nemu baé. Apa-apané wis seḍiya kabèh. Panḍapa wis pepak méja kursi lan rerenggané, kamar tengah wis jangkep piranti-piranti gelas piring lan sapanunggalané, lan pawoné wis ana kompor, panci-panci lan bekakas liyané pepak. Kang mangkono iku dadi lan ḍemening atiné.
Soréné mitra-mitrané pak Bandi sok paḍa teka, paḍa jejagongan kaya wong selapanan kaé. Regeng nganti tekan bangun ésuk.
'Wah, ana uwong kok ora kaya Bandi,' mengkono celatuné sawenèhing mitrané. Liyané sumambung: 'Kepriyé?'
'Kepriyé? Wong kaya Bandi kuwi rak kena kaéwokaké ladak kawarisan ngono kaé. Nèk kéwané ngono kucing.'
Liyané paḍa ketarik déné gawé sanépa kok kucing, dudu kéwan liyané sing umum, kebo, weḍus utawa jaran. Celatuné: 'Kowé kuwi aja anèh-anèh ta, gawé sanépa kok kucing. Mbok weḍus mangan tandur ngono, apa kebo nusu gudèl.'
'O, kuwi sanépa lumrah, angger uwong ngreti. Coba rungokna kanḍaku. Kowé rak wis ngreti kucing ta? Sapa sing durung weruh?'
'Wis, aja nggladrah, rak kucing kéwan kuwi ta, dudu kucing kertu?'
'Dudu, kucing kéwan kuwi.'
'Lha iya wis, ndang gelis.'
'Hara, kowé ngreti sipaté kucing kuwi kepriyé?'
Liyané paḍa wiwit mikir, nanging panemuné paḍa ora anèh, rumangsané dudu sing dikarepaké déning sing omong sepisanan mau.
'Sing kok-karepaké apa olèhé seneng ḍepipas-ḍepipis iku?'
'Dudu, dudu kuwi!'
'Nèk asu, ana ciriné sing kebangeten. Arepa diingoni nganggo iwak kaé mesti golèk kotoran.'
'Dudu, dudu kuwi!'
'Apa sing matané plorak-plorok nèk bengi kuwi?'
'Sangsaya dudu.'
'Ya embuh yèn ngono. Wis, ndang terangna.'
'Ngéné ya, kucing kaé yèn dikeplèkké piyé?'
Ana sing nyelani: 'Wis, kowé ki aja katenta sing main baé. Mau kanḍa dudu kertu, saiki kanḍa ngono.'
'Wis ta, yèn ora ngreti aja nyela-nyela.'
'Ya nyela-nyela pisan, wong édan dituruti.'
'O, nggladrah ta, wong kéné omong tenan jaré.'
'Kucing dikeplèkké ya mung gumantung sing ngeplèkké. Yén mlumah ya mlumah, yèn mengkureb ya mengkureb.'