Menyang kontèn

Rembulan kang Ngatonake Sunare

Saka Wikisumber
Panjurung

[ 46 ]REMBULAN KANG NGATONAKE SUNARE Yudha



Ana ing sasi Maulid, Taun Alip 1931, kutha Ngayogyakarta tambah regeng, awit ana ing sasi kuwi kaya padatan Kraton Ngayo- gyakarta ngadani upacara tradhisional kang diarani Sekaten. Yen ana karamean mangkono iku, kuli tinta age-age anggone mburu pawarta.

Semono uga Alamanda, kuli tinta sawijining surat kabar; uwisi/ nyawisake buku cathetan lan ballpoint ing kanthong roke. Bengi iku tanggal 29 Juni 1998. Miturut jadwal kegiatan upacara tradhisional Kraton Ngayogyakarta wis ditemtokake, yaiku Miyos Gangsa Kagungan Dalem Kanjeng Kyai Guntur Madu lan Kanjeng Kyai Naga Wilaga saka Kraton tumuju Masjid Agung Ngayogyakarta.

Ya bengi iku Alamanda ketemu petugas keamanan anggota kepolisian Ngayogyakarta kang jenenge Winanto kang manganggo sandhangan preman, kajibah njaga katentreman ana ing kukuban alun- alun lor sajroning pasar mlem prayaan Sekaten,

“Badhe tindak pundi, Jeng?” Winanto aruh-aruh karo mesem.

“O0, badhe wonten Keben,” wangsulane Alamanda.

“Lho kok piyambak?” Winanto takon maneh.

“Injih, sampun kulina kok.”

“Lha menawi badhe tindak Keben sareng kula,” mangkono pargajake Winanto.

“Oh... njih, Iha mangga,” wangsulane Alamanda.

Sajroning mlaku tumuju Keben, Alamanda ing batin nggagas, apa wong iku klebu wong kang becik, mengko gek wong kang ora becik. Aku kudu ngati-ati.

Ana ing dalan, wong loro ketemu karo kancane Winanto kang | manganggo sandhangan polisi komplit kang nyritakake yen diwenehi jejibahan njaga ana ing pos keamanan Jalan Trikora.

Alamanda lagi percaya yen wong kang ana cedhake iku petugas kepolisian, apa maneh bareng sedhela-sedhela omong-omong karo kancane nganggo alat Handy Talky sing digawa.

Wong loro mlaku karo pitepungan, let sedhela wis rumaket kaya

46 [ 47 ]wis tepung suwe. Bareng wis tekan Keben, Alamanda golek pawarta kang gegayutan karo upacara Miyos Gangsa karo, corat-coret ing notese, rada adoh karo Winanto. Let sedhela Alamanda marani Winanto karo crita,

Sajroning crita, Alamanda mbalang eseme nyawang Winanto. Sing disawang gragapan. "Kok esem lan lirikane mripat kaya pacanganku biyen sing wurung amarga kawin karo wong liya?" mangkono batine Winanto.

Winanto wis rumangsa lali karo kenangan pait kang wis tau dialami, ananging bengi iku kaya-kaya rumangsa nemu maneh rembulan kang wis nate angslup ora ngatonake sunare, saiki sumunar maneh, “Winanto gragapan maneh awit Alamanda ngejak mlaku tekan Masjid Agung ngetutake Gangsa sing wis arep diusung tumuju Masjid Agung.

Winanto tanggap, Alamanda terus digandheng nganggo tangane sing pengkuh iku supaya Alamanda ora diesuk-esuk wong-wong kang kepingin weruh saka cedhak upacara Miyos Gangsa iku. Alamanda rumangsa mongkog atine lan rumangsa aman amarga digandheng pria kang gagah pideksa tur nggantheng. Karo digolekake dalan, Alamanda digandheng tekan Masjid Agung. Sabanjure wong loro padha ngrampungake jejibahane dhewe-dhewe ana ing sakiwa-tengene Masjid Agung kono.

Bareng upacara Miyos Gangsa wis rampung, Winanto nggoleki Alamanda pamrihe arep diajak golek wedang ronde, ananging Alamanda Ora gelem awit wis wengi, malah pamit arep mulih.

Winanto nguntapake nganti tekan panggonan parkir sepedha motor, Karo numpak sepedha motore kang wiwit distater, Alamanda njanjeni ketemu maneh karo Winanto dina Senin, tanggal 6 Juli 1998 ana upacara tradhisional Kondur Gangsa. Dina kang wis ditemtokake, Alamanda karo Winanto ketemu maneh ana ing Masjid Agung.

Kaya padatan, Alamanda wis wiwit golek pawarta karo corat- Coret ing notese. Lungguh ing pendhapa Masjid Agung sinambi ngrungokake Abdi Dalem Pengulu Kraton maosake riwayat Nabi Muhammad SAW, kang uga dimidhangetake Ngarso Dalem Sri Sultan HB K kang didherekake para rayi lan sentana dalem, semono uga Walikotamadya Kepala Daerah Tingkat II Yogyakarta lan para

47 [ 48 ]pangembating praja.

Ing sanjabane pager lan plataran Masjid Agung, para sanak kadang saka desa, kutha, lan manca tumplak blek. Kabeh kepingin nonton pengetan Maulidan lan Kondur Gangsa. Ya ana ing kono iku Winanto ngayahi jejibahane. ;

Sajroning ngrungokake kanthi premati riwayat Nabi Muhammad SAW, Alamanda ora ngerti yen diparani lan disawang tanpa kedhep dening Winanto kang kawit mau rumangsa mongkog lan tentrem atine awit bisa nyandhing wanita kang kaya dadi pangimpene. Ananging ing batin Winanto, tansah pitakon, apa aku bisa nyawang sunare rembulan sateruse arepa

aku ora bisa ngranggeh rembulan mau?

Sing disawang ngerti, karo klicutan banjur takon.

“Mas Win, apa Panjenengan ya kagungan jejibahan kanggg pengamanan upacara Garebeg Maulid sesuk esuk iku?”

0, yen aku mono tugase nganti rampung Pasar Malem, kandhane Winanto.

“Yen ngono, apa Panjenengan bisa ngancani aku maneh?”

“Bisa ... bisa! Aja kuwatir, Jeng! Aku tekan kene watara jami pitu,” ngono semaure Winanto kebak greget, “daktunggu ana ngendi, Jeng? 'Ana masjid apa Pagelaran?” |

“Ya ana Pagelaran ta, Mas Win! Awit aku arep kepingin ngerti prajurit kraton kang ndherekake upacara garebeg kuwi.” A

“0... ya... aku sumadya, Jeng!” :

Rumangsa ayem atine wong loro mau awit isih ana pangarep- 4 arep ketemu maneh. Wanci esuke Winanto wis ngenteni ana ing Pagelaran kurang luwih jam pitu, ananging kang dienteni durung njedhul. Atine | Winanto rasane dheg-dhegan kebak pangarep-arep, Pangudarasane Karo | semplah atine, apa rembulan ora ngatonake sunare maneh ya? Kurang luwih jam 07.30 kang dienteni njedhul. Kaya siniram banyu sewindu atine Winanto, rasane mak nyes, 4

“Mas Win, aku njaluk ngapura, ya!” karo Kecam aa nggregetake, “awit aku kerinan, olehku turu kewengen mau bengi, mengkono Alamanda anggone ngetokake tetembungan kang salak aleman.

“Ah ... ora apa-apa kok, Jeng! Aku ya mentas wae anggonku |

4 [ 49 ]teka, sing cetha Jeng Alamanda wis tekan kene aku ayem.”

“He... eh, Mas Win.”

Para prajurit kraton saben sabregada mudhun saka Siti Hinggil tumuju Alun-Alun Lor, sumandhiya arep caos pakurmatan marang Kagungan Dalem Gunungan kanthi tembakan salvo. Bareng para prajurit wis medhun kabeh, Alamanda age-age digandheng Winanto tumuju Masjid Agung. Sing digandheng manut wae pasrah keamanane marang Winanto,

Sakjroning digandheng Winanto, Alamanda mbatin, kaya ngapa bungahing atine yen bisa tetep sesandhingan karo priya kang dadi pangimpening saben wengi. Sajroning ketemu wiwit sepisanan, nganti saben wengi ora bisa turu amarga tansah kelingan rupa lan solah bawane kang gesit. Alamanda yen kelingan Winanto mesem janggute ketarik munggah sethithik, atine kemesar dheg-dhegan, apa maneh yen kelingan tangane sing pengkuh nggandheng dheweke, kaya-kaya rasane emoh pisah karo Winanto. Anggone ngalamun buyar awit ngerti-ngerti wis tekan ngarep Masjid Agung, sing wis kebak para kadang sing arep mirsani upacara masrahake Kagungan Dalem Gunungan kang cacahe ana papat, yaiku Gunungan Lanang, Wadon, Gepak, lan Dharat.

Sawise dipasrahake dening Abdi Dalem utusane Ngarso Dalem Sri Sultan HB K marang Abdi Dalem Pengulu Kraton, banjur didongani miturut agama Islam. Sawise rampung banjur kanggo rebutan.

Sinambi njaga katentreman sakiwa-tengene Masjid, Winanto ora lali tansah nyaketi Alamanda kang nembe ngalor ngidul golek pawarta kang kira-kira marakake menarik para kadang kang maos surat kabar terbitan saka kantore.

Sawise upacara Garebeg rampung, wong loro padha mlaku gegandhengan maneh ninggalake Masjid tumuju panggonan parkir sepedha motore Alamanda. Sawise tekan panggonan parkir sepedha motor, Winanto kandha karo Alamanda.

“Jeng, aku diparingi nomer telpon kantor Panjenengan, ya!”

“Oh ya, Mas Win. Kene dakcathetake, awit kartu namaku entek,

durung pesen maneh,” kandhane sumanak, “Mas Win, aku ya diparingi

nomer telpon Panjenengan, Iho!” “Tki kartu namaku, Jeng, yen Jeng Alamanda telpon aku nanging

pas mbeneri aku tugas luar, tulung Panjenengan pesen karo kang nampa

49 [ 50 ]telpon.” “Ya, maturnuwun Mas Win,” karo omong ngono iku Alamanda

ing batin ora duwe pangarep-arep ketemu maneh karo Winanto, apa maneh cecaketan, awit loro-lorone wis padha duwe rasa sih-sihan, kabeh mau

pasrah karo takdire Gusti Allah. Sawise padha salaman, Alamanda karo Winanto pada sowang-

sowangan tumuju papan tugase dhewe-dhewe awit jejibahan laporan karo atasane kudu dirampungake dina kuwi. Sajroning salaman karo Alamanda, Winanto ing batin duwe pangajab muga-muga rembulan tansah ngatonake sunare terus aja nganti ketutup mendhung.

50