Kaca iki durung katitiwaca
telpon.” “Ya, maturnuwun Mas Win,” karo omong ngono iku Alamanda
ing batin ora duwe pangarep-arep ketemu maneh karo Winanto, apa maneh cecaketan, awit loro-lorone wis padha duwe rasa sih-sihan, kabeh mau
pasrah karo takdire Gusti Allah. Sawise padha salaman, Alamanda karo Winanto pada sowang-
sowangan tumuju papan tugase dhewe-dhewe awit jejibahan laporan karo atasane kudu dirampungake dina kuwi. Sajroning salaman karo Alamanda, Winanto ing batin duwe pangajab muga-muga rembulan tansah ngatonake sunare terus aja nganti ketutup mendhung.
50