Kaca:Panjurung.pdf/63

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

teka, sing cetha Jeng Alamanda wis tekan kene aku ayem.”

“He... eh, Mas Win.”

Para prajurit kraton saben sabregada mudhun saka Siti Hinggil tumuju Alun-Alun Lor, sumandhiya arep caos pakurmatan marang Kagungan Dalem Gunungan kanthi tembakan salvo. Bareng para prajurit wis medhun kabeh, Alamanda age-age digandheng Winanto tumuju Masjid Agung. Sing digandheng manut wae pasrah keamanane marang Winanto,

Sakjroning digandheng Winanto, Alamanda mbatin, kaya ngapa bungahing atine yen bisa tetep sesandhingan karo priya kang dadi pangimpening saben wengi. Sajroning ketemu wiwit sepisanan, nganti saben wengi ora bisa turu amarga tansah kelingan rupa lan solah bawane kang gesit. Alamanda yen kelingan Winanto mesem janggute ketarik munggah sethithik, atine kemesar dheg-dhegan, apa maneh yen kelingan tangane sing pengkuh nggandheng dheweke, kaya-kaya rasane emoh pisah karo Winanto. Anggone ngalamun buyar awit ngerti-ngerti wis tekan ngarep Masjid Agung, sing wis kebak para kadang sing arep mirsani upacara masrahake Kagungan Dalem Gunungan kang cacahe ana papat, yaiku Gunungan Lanang, Wadon, Gepak, lan Dharat.

Sawise dipasrahake dening Abdi Dalem utusane Ngarso Dalem Sri Sultan HB K marang Abdi Dalem Pengulu Kraton, banjur didongani miturut agama Islam. Sawise rampung banjur kanggo rebutan.

Sinambi njaga katentreman sakiwa-tengene Masjid, Winanto ora lali tansah nyaketi Alamanda kang nembe ngalor ngidul golek pawarta kang kira-kira marakake menarik para kadang kang maos surat kabar terbitan saka kantore.

Sawise upacara Garebeg rampung, wong loro padha mlaku gegandhengan maneh ninggalake Masjid tumuju panggonan parkir sepedha motore Alamanda. Sawise tekan panggonan parkir sepedha motor, Winanto kandha karo Alamanda.

“Jeng, aku diparingi nomer telpon kantor Panjenengan, ya!”

“Oh ya, Mas Win. Kene dakcathetake, awit kartu namaku entek,

durung pesen maneh,” kandhane sumanak, “Mas Win, aku ya diparingi

nomer telpon Panjenengan, Iho!” “Tki kartu namaku, Jeng, yen Jeng Alamanda telpon aku nanging

pas mbeneri aku tugas luar, tulung Panjenengan pesen karo kang nampa

49