Kaca:Panjurung.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

wis tepung suwe. Bareng wis tekan Keben, Alamanda golek pawarta kang gegayutan karo upacara Miyos Gangsa karo, corat-coret ing notese, rada adoh karo Winanto. Let sedhela Alamanda marani Winanto karo crita,

Sajroning crita, Alamanda mbalang eseme nyawang Winanto. Sing disawang gragapan. "Kok esem lan lirikane mripat kaya pacanganku biyen sing wurung amarga kawin karo wong liya?" mangkono batine Winanto.

Winanto wis rumangsa lali karo kenangan pait kang wis tau dialami, ananging bengi iku kaya-kaya rumangsa nemu maneh rembulan kang wis nate angslup ora ngatonake sunare, saiki sumunar maneh, “Winanto gragapan maneh awit Alamanda ngejak mlaku tekan Masjid Agung ngetutake Gangsa sing wis arep diusung tumuju Masjid Agung.

Winanto tanggap, Alamanda terus digandheng nganggo tangane sing pengkuh iku supaya Alamanda ora diesuk-esuk wong-wong kang kepingin weruh saka cedhak upacara Miyos Gangsa iku. Alamanda rumangsa mongkog atine lan rumangsa aman amarga digandheng pria kang gagah pideksa tur nggantheng. Karo digolekake dalan, Alamanda digandheng tekan Masjid Agung. Sabanjure wong loro padha ngrampungake jejibahane dhewe-dhewe ana ing sakiwa-tengene Masjid Agung kono.

Bareng upacara Miyos Gangsa wis rampung, Winanto nggoleki Alamanda pamrihe arep diajak golek wedang ronde, ananging Alamanda Ora gelem awit wis wengi, malah pamit arep mulih.

Winanto nguntapake nganti tekan panggonan parkir sepedha motor, Karo numpak sepedha motore kang wiwit distater, Alamanda njanjeni ketemu maneh karo Winanto dina Senin, tanggal 6 Juli 1998 ana upacara tradhisional Kondur Gangsa. Dina kang wis ditemtokake, Alamanda karo Winanto ketemu maneh ana ing Masjid Agung.

Kaya padatan, Alamanda wis wiwit golek pawarta karo corat- Coret ing notese. Lungguh ing pendhapa Masjid Agung sinambi ngrungokake Abdi Dalem Pengulu Kraton maosake riwayat Nabi Muhammad SAW, kang uga dimidhangetake Ngarso Dalem Sri Sultan HB K kang didherekake para rayi lan sentana dalem, semono uga Walikotamadya Kepala Daerah Tingkat II Yogyakarta lan para

47