Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 82

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 082/

pareng rama sampun manoen kajeng kula anggen kula abḍé angwedalaken wraged kaṭah ; angerjakaken ḍukuh ing sumbereja ; " "iya ; ngger ; aku ; bakal nurut ing sakapremu ; nanging ; nyatakna kanḍamu iku ; dadi ; ora kaya caturané wong ngimpi" "mangké dalu ; kula wangsul nenepi ; enjing ; kula wangsul abekta kasagahan kula wau" bakda salad isa ; raden udakawimba tindak kados sabenipun

sarta abekta kanḍi ageng ; dumugi ing guwa lajĕng saré kemawon ; enjing ; muḍun ing jurang ; lajĕng malebet ing guwa kaḍat ; abikak geḍong rajabrana menḍet mas'oré sakanḍi ; ngantos kebak ; lajĕng kondur ; kapanggih ingkang rama ; ingkang rama gita ameṭukaken ingkang putra ; sarta lajĕng dipun jak mlebet ḍateng dalem ; pratingkahipun kadamel wados ; bebektanipun ingkang putra lajĕng dipun sok wontĕn ing beri ; salebeting geḍong ; ingkang rama ajenger ; dené wontĕn mas oré samanten kaṭahipun ; nanging ingkang putra ; boten sapisan pisan tumut eram ; eramipun ; sampun katilar wontĕn ing jurang kaḍaton ; ingkang tansah winados ; ingkang putra