Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 81

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 081/

k yen sapucaking ardi baḍé kadamel keḍaton ; saubenging redi ; kapasangan beteng ; jurang ingkang minangka larenipun ; jurang kenaka kabobol ; anjog ing keḍaton mawi pipa ingkang amaḍangi margi ; dados rajabrana ; lestantun wontĕn ing riku ; namung kapenḍet saking enggenipun kemawon ; dasaring jurang dados pasimpenan rajabrana agung ; taksih kaṭah malih osikipun ; ing galihipun ; raden udakawimba lajĕng medal saking jurang ; laju kondur ; kapanggih ingkang rama ; kadangu dené ngantos siyang saweg wangsul ; raden matur ; bilih katileman wontĕn ing jurang ; antawis dangu raden udakawimba lajĕng matur ḍateng ingkang rama ; yen anggenipun asring nenepi angsal kamirahaning pangéran ; saged nyipta weḍi ; dados mas ore ; kyai ageng ; kaget mireng aturipun ingkang putra ; "coba ; ngger ; nyatakna ; kawruhmu iku ; amesṭi ; aku ian kowé dadi wong misuwur" ; ingkang putra ; matur ;  ; "punika ; boten kenging kasatmata ing sanes ; rama ; kedah mawi salad kajad ; wontĕn ing redi nawung kalayan ijen ; manawi kapareng ; rama namung narimah anampem saking kula sacekapipun karsa sampeyan ; sarta kajeng kula ; nanging manawi ka