Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 83

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 083/

lajeng dipun rangkul ; sarta dipun pangandikani," ngger ; kowé lan aku bakal misuwur sugih saka rajabrana peparinging allah ; aku kang bakal anglebur mas iki ; sarta adade kaké dandanan kang akeh pangajine" ; kacariyos ; raden udakawimba lajĕng angirup tiyang kriya sami dipun jak gegriya ing paḍukuhan sumbereja ; dipun cekap kabetahanipun ; boten antawis wulan ; kaḍuhuhan sumbereja dados nagari ; karsanipun raden udakawimba ; dipun leksanani ; nyiṭak banon pinten pinten keṭi ; ngobong gamping pinten pinten lumbung ; tanḍo weḍi ; kados redi ; kasareng panggarapipun beteng ; sarta pengeburing redi ; punapadené pangrakiting keḍaton ; tuwin margi ageng ; margi terusan lan margi simpangan ; dalasan taneman ; rerengganing kaḍatoni miwah pepeṭetaning margi wau ingkang amurih aub ; kajeng kenari ; cemara tuwin asem ; wringinipun katanem ing prapatan ; kagalih sarenga dadosipun ;  ; amargi saking kawasisanipun raden udakawimba ; dadosing nagari breng ; kados nagari tuban ; uparengganing kaḍaton ; sarwa kancana ; kori jeplakan ; ingkang manjing ing guwa ḍasar winadi ; sumingi