Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 61

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 061/

sumerep ing sangkan paran ; saking sengsemipun ; lajĕng tilar agaminipun buda ; dalah kadangwarga sarta rencangipun sadaya ; sami manjing agami islam ; madegaken bar jumungah ; adamel masjid ageng ; surambinipun panjang ; tepang kaliyan griya pawestren ; kiwa tengening masjid ; kinubengan toya balumbang ; sirahing toya ; saking lambunging ardi gumrojog anjog ing parang pepongol ; sela liman ingkang abambing celak jurang sirung ; lajĕng tinambong ing tambak sela tala ; luber mili ageng ; ing lelengkeh erengerening ardi ; sinusuk kanggé margining toya ngalempak ; lajĕng angoncori tetaneman ing asrama ; wontĕn ingkang kasuḍet malebet ing capuri masjid ; anjog ing balumbang ; toyanipun mili akimplahkimplah ; adamel sengsemipun para ingkang sami sembahyang ḍateng masjid ; kyai ageng ; adamel langgar wontĕn sakilening panḍapa ; keletan kelir lelaleyaning cepuri ; rinten dalu wontĕn riku ; tekabul ngelmi ; sinambi memulang para siswa ingkang kinasih ; dené pamulanganipun ageng wontĕn ing surambi ; gurunipun kyai pangulu ; sarta para katib ; rinten dalü boten wontĕn kendelipun ; sami tilawatil kuran ;