Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 62

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 062/

gentos kacariyos ; lampahipun raden udakawimba ; turut benawi ; dumugi ing ḍukuh sumbereja ; ngongkang benawi ; ngengkeraken redi ; kiwa tengenipun ; pasabinan eloh toya pating creweh ; raden udakabimba ; lajĕng malebet ing ḍusun ; sumerep ; masjid ageng ; ing surambi ; kaṭah laré sami ngaos ; raden udakawimba ; lajĕng nunggil kaliyan laré kaṭah ; kadenangan ; ḍateng kyai pangulu dipun pitakeni ; "ṭole ; kowé bocah saka ngendi? aku ; nembé tumon ; lan j enengmu sapa?" raden udakawimba ; mangsuli ; "kula laré saking nagari

tuban ; nama kula pun udakawimba ; pisowan kula ; baḍé aḍerek ngaos wontĕn ing riki ; " kyai pangulu ; resep aningali ḍateng warninipun raden udakawimba ; bagus ; merak ati taksih lare ; lajĕng ; dipun parentahi ; mole ; mengko bubar ngaji ; kowé miluwa aku bae ; taopeni ; ana ing omahku ; nyambiya ; angon kebo ; pangonku kurang siji" ; kacariyos ; raden udakawimba kendel wontĕn ing griyanipun kyai pangulu ; saben wanci laré ngucul ; tumut angen maesa ; dipun sambi kaliyan damel ringgit rumput dondoman ; dangu dangu lajĕng damel ; isṭaning griya ; tumunten da