Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 60

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 060/

kanṭi ; tindak nurut lampahing toya benawi ; lepas lampahipun ; enjing kauningan ing sang prabu ; lolosipun raden udakawimba ; sang nata ; api gugup sarta aḍeḍawuh kinen ngupadosi ; nanging bilih boten saged kapanggih ; kaḍawuhan sami wangsul kemawon ; ingkang ibu sang prameswari ; muwun wontĕn ing kaḍaton ; lajĕng angimur ḍateng ingkang raka ; sang prabu ; sagah anglari piyambak ; boten ngantos lawi ; utusanipun sang nata sampun sami wangsul ngaturaken tiwasing lampah ; boten wontĕn ingkang lebda ing karya ; ical larinipun ; sang prabu ; boten gita malah dihawuhi ngandikakaken sami kendel kemawon ; sampun ngantos wontĕn ingkang reraosan ; bab murcanipun raja putra ; gentos kacariyos ; ing paḍukuhan sumbereja ; kyai ageng wulusan ; mentas kaḍatengan sayid saking arab anama seh

jumadilkobra bin mohamad dahus ; meḍaraken sakaṭahing ngelmi saraking rasul ; kyai ageng wulusan ; kalinḍih ka~hipun lajĕng ageguru ; malah lajĕng tinetesan ing ngelmi kasampurnan panunggaling kawulagusti ;