Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 59

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 059/

maoni karsanipun sang prabu ; awit sang nata taksih simpen wewados ; sampun ngantos kajoḍeran karsanipun déning pamambenging pepatih ; mila ; amilaur ngangkat bupati tamping ; aling alingipun ; misuḍa ḍateng waris ingkang wajib ; inggih punika ; putraning patih ingkang sepuh piyambak ; wondéning karsanipun sang prabu ; ing dalem batos raden udakawimba baḍé kasirnakaken ; kacariyos ; raden udakawimba sampun yuswa gangsal welas tahun ; diwasa ; kalawun lawun tanpa pinardi ḍateng ingkang rama sang prabu ; sang bagus ; wiwit agrahita ; sepen ing pangajengajeng ; yenta kaangkata pangéran dipati anom ; awit ; sanget dipun ceri eeri ḍateng ingkang rama sarta asring sinungan ujar ingkang angeres ersi turasing ratu angkara ; raden udakawimba ; puteg ing galih ; ḍateng ingkang ibu ; boten sakangsalan ; awit kirang kulinanipun ; kalihdené malih ; ingkang ibu sanget ajrih ḍateng ingkang rama ; osiking galih boten sandé baḍé sangsaya kadaut daut risaking sarira ; bilih ngantepi pasuwitanipun ḍateng ingkang rama ; prasasat angentosi timbuling watu item ; raden udakawimba ing wanci dalu anis saking kadipaten tanpa