Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 45

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 045/

isih metu ; dadi kebeneran banget ; kojenengaké sapa ; bapakne?" ; "takjenengaké rara senḍang baé becik ; wong olehku ana ing banyu" ; rara senḍang ingupakara ; sarta sinesepan ḍateng nyai buyud wulusan' ing sumbereja ; dumlunḍung ; kalis ing sesakit ; enggal ageng kados dinusan toya gege ; agengipun rara senḍmg kalawun4awun ; gentos kacariyos ; lampahipun wadyabala ing banyubiru ingkang anḍerekaken layonipun sang putri ; dumugi ing astana ; layon kaselehaken salebeting kranḍa sawa ; kamireng sa king ing jawi swara lamat lamat sarta kaleseding layon katingal obah ; senapatining lampah ; enggal ambikak tutuping kranḍasawa ; katingal sang putri wungu ; sarta ngandika lirih ; "kangmas pangéran adipati ana ngendi?" senapatining lampah nyana ; yen sang putri waluya ing jati ; lajĕng matur ; "raka paduka ; wontĕn ing nagari ; panjenengan paduka punika ; sampun kaagem ageman busananing la yon ; amargi seda konduran ; sapunika sampun dumugi ing astana" ;