Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 46

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 046/

aku gawanen bali ; nanging aja koklukari ; cikben dilukari kangmas pangéran ḍewé ana kaḍaton" ; layon lajĕng kabekta wangsul ; sarta mawi pratanḍaning kabingahan ; tambur ; slompret mungel mawi lelagon genḍing anganyut anyut ; gedering pawartos enggal dumugi ing nagarf ; yen sang putri boten saestu seda ; ing mangké kabekta wangsul kondur ; taksih wontĕn salebeting kranḍa sawa bikakan ; sang prabu saha sang praineswari ; sampun kaaturan uninga ing kasugenganipun ingkang putra sang putri ; kados punapa bingahing galihipun ; sang prabu engggal teḍak meṭukaken ingkang rayi ; saking kasesanipun tindak ḍarat kemawon ; titihan rata kasusulaken ; katututaken wontĕn ing margi ; sang prabu ; sarta sang prameswari lajĕng nitih rata ; antawis saonjotan ; layon katingal ; rata kaḍawuhan angrikataken ; boten sareh karsanipun sang nata ; dumugi pasanggrahan ing rancakharni ; layon kendel ; sang

prabu sarta sang praineswari rawuh gurawalan lajĕng ngangkat putra ingkang einḍa layon ; sang prameswari anglukan ingkang putra sarta lajĕng ingagernan raja kaputren ; ingkang putra ta