Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 44

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 044/

get sumerep wontĕn kanḍaga keli winod ing bahita tembo ; mawi ombyong ombyong gegoḍongan sampun sami alum ; lajĕng dipun canḍangi ; sareng kabikak isi bayi mawa teja ; kyai buyud ; eram salebeting manah ; narka ; yen bayi punika putraning putri ingkang lampah jina lajĕng kalabuh ing benawi ; nyirnakaken tilas ; kyai buyud gaḍah osik ; "bayi iki ; becik takpupuné tinimbang mati ; luwung ; dadiya bocah kena dikongkon ; karodené maneh ; bok né bayek wis ping telu nggoné duwé anak ; pijer mati bae ; bocah iki ; yen bisa dadi lanjaran" ; bayi lajĕng dipun bopong ; kabekta mantuk dipun sukakaken semahipun ; nyai buyud ; kaget sumerep ingkang jaler mantuk ambopong bayi ; mulung tanganipun ; nampeni bayi sarwi pitaken ; "iki ; mau bayi olehmu ing ngendi?" "olehku canḍang ; ing bengawan" ; "ayake ; anaké wong ḍemenan ; dikelekake" ; "menawa ; nanging dudu sok wonga ; katitik ; waḍahé apik ; didekek ; ana ing genḍaga" ; "aku ; bungah banget bapakné genḍuk ; kowehi anak ; takopenané sing becik ; mengko takgebyur ; banyuku susu