Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 43

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 043/

ḍé kaḍerek kemawon ; pamurihipun ; namung rumeksa ing kasugengan sarta karaharjaning praja ; sampun ngantos ; gustinipun katuwuhan sekel awit saking prakawis punika ; kyai patih mundur saking ngajengan ; lajĕng angrukteni piran*tos baḍé panglabuhing jabang bayi ; winod ing joli kajeng nagasari ; kinarawisṭa ing sesekaran ; awig pakirtyanipun ; sarta lajĕng winod ing bahita tembo ; mawi rinengga ing gego

ḍongan pancasan enggal ; alliming goḍong ; katingal saking katebihan amemelas ; sampun kalampahan ; jabang bayi kalabuh mawi pakurmatan lampah ageng ; kyai patili ; lajĕng kapanggih sang pangéran warihkusuma ; anḍawuhaken karsanipun sang prabu ; yen sang pangéran ; kaḍawahan tunḍung ; boten kenging ngambah laladaning nagari banyubiru ; amargi sang pangéran kagalih damel sangaring praja ; sarta adamel jalaran sedanipun sang putri ; sapinten rujiding galihipun sang pangéran ; mentas kasedan garwa ; putranipun kalabuh ; sariranipun katunḍung ; sang pangéran lingsem mulat sesamaning tumitah ; wanci lingsir dalu anis saking pura ; lajĕng tindakipun ; malebet ing wana wasa pados margining pejah ; kocapa kyai buyud wulusan ing sumbereja ; padamelanipun misaya ulam ing benawi ; nuju wontĕn ing lepen ; ka