Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 30

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 030/

dipun caplok ; sang prabu ; "0 ; o ; iya bener sira" ; sang putri ngagem nyamping padintenan ; seratan angreni sampun masem ; kasemekanipun plangi ; wedalan ing inḍu ngajeng ; tanpa rasukan ; ngagem rimong ; ngengrengan biru langit ; sariranipun katingal pinḍa ulam kalebet ing jala ; menṭur kados sekar mlaṭi ; baludaging pembayun ; kados anjebolaken kasemekan ingkang minangka setu bandalayu ; sang pangéran tansah trataban ing galih ; sumerep warnani pun sang ayu ; kaṭah iribipun ian ingkang rayi dewi wresti ; malah menang sengoh sang putri ademenakaken manah ; rumaos marem galihipun sang pangéran ; bilih saestu kaḍawahan rembulan ingkang saged cuki ; raosipun krapes krapes kados kenṭos ; sang putri nolih ; munḍut ganten ; pagut tingal ; ian pangéran ; sareng kagetipun (pancen lahiripun dereng dipun gebyag) ; sang putri ; anglocita ; "baya ; kuwé kang dadi ojad ; gedering akeh ; nyata bagus ; emané mripaté kaya kolik ; nonton uwong ; dipeh ora tuku bae ; layak ; kangjeng rama asih ; magang lagi saenyek bae ; banjur winisuda dadi pangéran ; lah iya ; bok didadekaké tunggon ana ing kra