Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 29

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 029/

n sang prabu sarwi matur ; "gusti ; pepunḍen kawula ; ratu pituruning dewa ; ingkang abdi boten nyana kaḍawahan rembulan ing praja banyubiru" ; "pangéran ; payo ; miluwa tindakingsun marang kaḍaton ; ingsun surupaké marang nini putri ; aja kuciwa ing semu ; sang prabu tindak ing kaḍaton ; ajujug ing dalemipun ingkang rayi sang prameswari ; sepen ; tindak ing kradenayon ing dalemipun ingkang putra sang putri ; sang prabu ; lajĕng ing tindakipun ; sang prameswari ; sarta ingkang putra sumerep ; gupuh meṭuk rawuhipun sang nata ; lajĕng satata lenggah ; sang prabu ; "sira ; ingsun goleki ; wis ; ketemu ; ana ing kene ; lagi apa?" sang prameswari ; "kula ; nuwun ; nglurug cuki kaliyan putra paduka" sang prabu ; "tutugna ; ingsun milu nonton ; anjagohi ; anakira" ; sang prameswari ; "sumangga" sang prabu ; "elo ; aja kuwi ḍenok ; sing kolakokake ; kuwi ; lo" ; sang putri ; "boten ; kangjeng rama ; sampun leres ; punika baḍé