Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 31

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 031/

denayon baé ḍisik ; cikben entek atine ; takgarok ; taklukokaké ana ing pasetrenku ; desa tilamsari ; supaya mari adol senggung ; wanguné kuminter ngendel endelaké baguse ; aku geṭing temen ; wong duwé pambegan mengkono kuwi ; tur ; takdadara kapinterane ; dadi awu ; pangalembana maneh ; oleha ; sida lestari dadi tunggon ; dikira aku kiyi kayadené putri lumrah bae ; bisané weḍak pupur ; ora sumurup ; yen aku lebda marang ingering jagad ; baya ḍeweke ; ora kulak warta adol prungon yen putrané sang prabu hertambang ing banyubiru ajejuluk dewi wayi ; punjul ing apapak ; mrojol ing akerep ; mancala putra ; mancala putri ; bisa manjing ajur ajer, ; anuwa ; kaé yen nonton merakatine ; iya kudu oleh pangapura sarta kudu oleh ganjaran gambarku kang cinawi ing kenakaluru ; pirabara ; linuru kang ginambar ; nanging aku gemang" ; sang prabu ; sakeḍap nguningani paguting tingal ingkang putra sami kapaḍanipun ; sakalangkung ; pirena ing galih ; lajĕng jengkar saking kaputren ; kaḍerekaken sang pangéran sarwi reraosan samargi margi ingkang remeh remeh ; sang pangéran ; 104 lajeng kalilan mundur ; sang prabu kasok sihipun ḍateng sang pangéran ; amargi ;