Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 28

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 028/

kawula nuwun ; gusti ; namung sang hyang wisesa ; ingkang nguningani karenteging galih paduka ;

sira ; apa durung tau ; rabi? kawula ; nuwun ;  teka mawi andangu ingkang makaten ; kawula sampun naté  ngaturkaken lelampahan kawula miwiti malah amé  

kasi ; kala kawula kadangu wontĕn ing kaḍaton ; sanadyan ngantos ing dinten punika ; misik wanodya kemawon ; nuwun dereng" ; "sabab apa? lan ingsun durung kalalen aturira biyen ; ma,,ang ingsun" "sababipun boten wontĕn ; kajawi namung saking tani kawula ; kalihdené malih ; raosing manah kawula dereng saged angipataken katresnan kawula ḍateng pepacangan ingkang sampun lengked wontĕn ing jejantung" ; "apaorabakalmenḍa,ingsalawas4awas~?" "saged ugi ; menawi wontĕn pitulunging ~ewa ; ingkang abdi saged pikantuk joḍo ; ingkang timbang kaliyan kaluhuran kawula" "saupama ; dudu dewa ; ratu ; kang paring pitulung marang sira" "saestunipun ; pantes mawi tetebusan pecating nyawa sarta wutahing rah kawula" ; "pangéran ; kalawan ḍanganing atinira ; sarta conḍong sira bakal ingsun punḍut mantu ḍewe" ; sang pangéran kaget ing galih ; lajĕng nyungkemi sampeyanipu