Nggayuh Urip Mulya
[ 35 ]NGGAYUH URIP MULYA Bu Kies
Jago kluruk saut-sautan. Bang wetan manda-manda sumurat abang. Wong-wong isih padha lelumban nerusake endahing impene. Nanging beda karo simbokne Narto, sing wis ndhisiki tangi. Sadurunge nandangi pegaweyan kaya adat saben, dheweke ngayahi kuwajiban kang paling ditengenake, yaiku sembahyang Subuh, bebarengan karo anake, Narto. Sing dadi imame Narto lan makmume simbokne.
“To, cepeta ndang adus, aku daknyiapakake sarapan. Mengko mangkat luwih gasik bareng aku. Gawanen tempene pisan!” pesene simbokne Narto sawise sembahyang.
“Inggih, mBok!” wangsulane Narto karo cepet-cepet tumuju menyang sumur.
Pancen sekolahe Narto cedhak pasar. Iku mau pancen disengaja supaya bisa mbantu simbokne sing pakaryane dodolan tempe. Semono uga Narto bisa ngrewangi simbokne. Senajan ta dimangerteni kanca- kanca lan gurune, dheweke ora isin saben mangkat sekolah nggawani tempe. Amarga ngrumangsani anake randha ditinggal mati bapakne wiwit cilik.
Sekolahe Narto pancen lumayan adohe, udakara enem kilonan meter. Apa maneh dalane durung rata pisan, isih lemah blaka. Menawa mangsa ketiga bleduge mangawur-awur, lan ing mangsa rendheng blethoke ora ilok. : Narto anggone menyang sekolah numpak sepedha tuwa tinggalane bapakne biyen. Mulane tekane pasar Narto luwih dhisik. Simbokne mlaku alon-alon nggendhong dagangane. Narto ngenteni sedhela. Satekane simbokne tempene diudhunake karo nyendhekake sepedhane.
“mBok, mBok, Simbok! Tempene ditata pundi?” celathune Narto sing karepe arep bantu simbokne.
“Ora usah, cepet gek mangkata kana! Mengko selak telat!” wangsulane simbokne Narto karo ngulungake sangu Rp300,00 kanthi
” rasa kuwatir.
39 [ 36 ]“Sing ngati-ati ya ana ndalan!” welinge.
“Inggih mBok, matur nuwun!” wangsulane Narto cekak.
Wektu wis lumaku jam 06.3. Setengah jam maneh sekolahe mlebu. Narto klebu bocah pinter ing kelase sanajan saben dina ngrewangi simbokne. Dheweke bisa ngatur wektune. Wayahe sinau ya sinau, wayahe dolan ya dolan, wayahe nyambut gawe ya nyambut gawe. Mulane ing ngendi wae saben wong seneng marang Narto.
Ya nalika tumuju menyang sekolahan iku Narto ketemu Budi, kancane wiwit saka SD lan saiki padha-padha wis kelas III SMP.
“He, Nar! Kok anggone ngepit kaya macan luwe,” pitakone Budi karo guyon.
“Pancen, Bud, santai wae kok! Oh ya, Bud, wingi Bu Asih ngendika yen mengko pelajarane sing jam kaping enem ulangan PSPB. Kowe siap durung?”
“Yaampun, aku lali temenan,” wangsulane Budi rada bingung.
Ora suwe maneh Narto lan Budi wis tekan ing sekolahan. Budi nasibe padha karo Narto, klebu anake wong ora duwe, lan kudu ngewangi wong tuwane sabaline sekolah. Bocah loro kuwi kerep dadi nyek-nyekan kanca-kancane sing rumangsa anake wong sugih.
“Walah, ... Narto kuwi bocah ndesa, ...' kecil, ngono kok kepengin sekolah dhuwur. Eh kanca-kanca, sangune wae mung Rp300,00. Iku rak mung kena kanggo tuku sogok untu!” nyek-nyekane Anton lan kanca- kanca liyane kang nglarakake ati. Narto lan Budi tetep panggah ora ngladeni kancane iku. Kanggone bocah loro kuwi sekolah ukurane dudu sangu. Anton kuwi pancen anake wong sugih, pengusaha gedhe, nanging tandang-tanduke adigang-adigung-adiguna. Saben dina Anton lan kelompoke ngenyek terus karo Narto lan Budi.
“Wis Bud, ayo ngadoh kana, golek hawa seger. Swarane Narto lirih karo ngglandhang tangane Budi. Budi ngetutake ana mburine Narto. Nalika bocah loro mau tekan lawang, dumadakan Anton lan kanca- kancane njarak njegal sikile Narto. Narto tiba njengkelit. Anton sakancane padha ngguyu cekakakan. Budi bisane mung dheleg-dheleg ora wani “” tumindak apa-apa. Karo krengkangan Narto tangi.
“Pancen aku bocah ndesa, elek, kere, nanging aku isih duwe harga dhiri kaya manungsa liyane,” wangsulane Narto kang nesu.
36 [ 37 ]“E, kanca-kanca delengen Narto wong ndesa khotbah” wangsulane Anton, disambung kanca genge nyuraki. Kanthi ora sadhar, sipat lanange Narto njedhul, Narto ngampleng Anton sakayange nganti Anton tiba ana njogan kelas, glangsaran. Anton banjur tangi lan bisa males njotos pipine Narto. Ya amarga lagi pisan kuwi Narto tukaran karo kanca, mula pilingane nganti mrempul lan menyonyo. Budi mung bengok- bengok amarga tangane dicekeli karo komplotane Anton.
“Anton, ayo antem luwih atos. Ayo antem ...,” surake komplotane Anton manasi swasana.
Dumadakan Pak Sukri rawuh ana kelas iku, banjur misah Narto lan Anton kang padha gelut ana papan kono. Pak Sukri kuwi guru Matematika kang mulang kelas III. Banjur bocah loro kuwi digiring menyang kantor BP. Pak Sukri pancen guru kang wicaksana. Ora let suwe apa kabeh sarane rumasuk. Narto lan Anton bisa rujuk maneh.
“Nar, aku njaluk ngapura amarga aku wis gawe larane atimu,” kandhane Anton karo ngulungake tangane njaluk ngapura.
“Ora dadi ngapa, An, aku ya salah mung nuruti hawa nepsuku
">
wae. Bocah loro padha salaman. Sabanjure diterake menyang ruang
UKS amarga tatune anggone gelut mau.
Jam sekolah wis rampung. Murid liyane wis padha bali. Narto lan Budi mulih bareng. Ana dalan Budi mung meneng wae.
“Bud, kok meneng wae kena apa, kowe mikir apa? Sapa ngerti aku bisa mbantu,” pitakone Narto.
“Nar, aku njaluk ngapura karo kowe. Aku iki kancamu nanging nyatane aku ora bisa nulungi kowe ana kelas mau,” Budi nerangake sagamblange bab kahanane dheweke wektu iku.
“Yawis, Bud, aja dadi pikiranmu. Aku ngerti kabeh, wisrampung saiki, lan apik dadine,” Narto wangsulan nglegakake atine Budi,
Budi lan Narto pisah ana prapatan desane Narto. Narto nyritakake marang simbokne kedadeyan mau awan ana ing sekolahan kanthi abot.
“Ya wis, sesuk aja dibaleni, Nar!” wangsulane simbokne Narto nuturi.
Banjur Narto mlebu kamare lan salat Dhuhur. Ora krasa Narto wis meh rampung anggone sekolah ing tingkat SMP lan wis bisa ngasilake [ 38 ]biji Ebtanas lan Ebta sekolah kanthi maremake. Sanajan dheweke duwe NEM dhuwur, nanging ora katon seneng. Kepara malah katon susah atine. Kabeh kang dadi penandange Narto, gurune pirsa, yakuwi Bu Asih.
“Nar, ana apa kok susah? NEM-mu apik, ta? Apa sing kopikirake?”
“Eh, Bu Asih,” wangsulane Narto sajak kaget, ”Bu, sejatosipun kula kepengin sekolah dhateng SMU. Nanging kula boten gadhah ragat awit bapak sampun seda lan simbok kula namung sadeyan tempe.”
“Ya, wis kowe aja sumelang maneh. Kowe bakal sekolah kang luwih dhuwur kaya sing kokarepake.”
“Caranipun, Bu?” Narto nyuwun pirsa, sajak padhang praupane.
“Ibu mengko dakmatur marang Kepala Sekolah, menawa kowe bisa digolekake wong tuwa asuh,” Bu Asih nerangake.
“Matur nuwun, Bu,” wangsulane Narto mantep. Narto katon bungah banget. Tekan ing ngomah banjur dicritakake kabeh marang simbokne menawa Narto bakal sekolah maneh.
“mBok, mugi-mugi kula saget mujudaken sedaya gegayuhanipun Simbok saha Bapak suwargi, supados kula bekti lan setya dhateng bangsa ugi negari.”
Let seminggu Narto entuk layang saka Bapak Kepala Sekolah menawa Narto wis entuk wong tuwa asuh. Nanging anggone sekolah ana Jakarta. Narto nampa layang iku bungah banget lan nganti nj ondhil- njondhil. Simbokne uga melu seneng sanajan ta abot bakal ditinggal dening Narto.
“Nar, yen pancen kowe wis mantep ya kudu ngati-ati yen ana Jakarta. Aja lali marang Gusti Pangeran Kang Mahaagung,” wanti- wantine smbokne Narto karo nangis.
“Inggih, mBok, kula boten kesupen. Kula mesthi badhe kintun serat dhateng simbok.”
Cacawis menyang Jakarta kawiwitan, esuke Narto sida arep menyang Jakarta nunggang sepur. Ongkose menyang Jakarta mbukak celengane Narto sing dhuwit iku asale saka sangu saben esuk. Sejatine simbokne Narto ya duwe sawah nanging mung ciut. Amarga sawah iku kena kanggo pengarep-arep simbokne lan Narto, sawah iku ora bakal didol.
38 [ 39 ]Mangkate Narto menyang Jakarta diuntapake simbokne lan si Sri, adhine siji sing isih kelas 5 SD, tekan stasiun. Sawise padha sesikepan tandha pepisahan, Narto banjur munggah ana ing sepur. Ora let suwe sepur wis mlaku ngadoh lan saya adoh banget mung ketok nyamut-nyamut. Tangane simbokne Narto lan Sri kemlawe katon lungkrah lan lemes, nanging jroning ati katon seneng lan mongkog.
Sawise tekan Jakarta, Narto kelingan marang simbokne banjur kirim layang. Layang sepisan wis ditampa dening simbokne Narto lan Sri. Narto ngabari menawa wis krasan lan akeh kancane ana ing sekolahane. Narto uga ngabari yen Jakarta akeh omah kang gedhe lan magrong-magrong. Dalan-dalan akeh kang alus lan rata, beda banget karo ana ing ndesane. Saben sasi Narto kirim layang menyang omahe.
Wis limang taunan dheweke sinau ana Jakarta. Lulus SMA dheweke mlebu Akabri amarga sing diimpi-impi wiwit biyen kepengin dadi jenderal. Dhasare bocah lantip lan trengginas, apa sing dadi gegayuhane bisa kaleksanan kanthi wektu kang cepet tinimbang kanca- kancane. Narto minangka pangembating praja bisa kasil.
Narto kepengin bali ana ndesane kang wis diangen-angenake pirang-pirang taun suwene. Ana ndesane saiki wis akeh kang owah. Dalan-dalan wis alus, padhang, lan nengsemake ati. Ana tengah ndesa Narto ketemu karo Pak Lurah lan Budi, nanging Pak Lurah ora pirsa lan Budi uga ora ngerti yen kuwi Narto bocah lugu saka ndesane kana. Sawetara padha pandeng-pandengan pungkasane. Budi kelingan banjur nggapyuk Narto. Pak Lurah mriksani karo mbrebes mili tandha trenyuh.
“Bapak melu seneng banget, Mas Narto, dene saiki wis ketok asile anggone prihatin lan nrima, saiki lenggah ana ngendi?” Pak Lurah katon mongkog mriksani Narto kang gagah nyandhang pangganggo dhines, arep balik tilik wong tuwane, “wis kana enggal tekan ndalem dhisik, gek ndang ketemu simbok, mengko yen wis sela pinarak ya ing ngomahku ayo mbacutake anggone crita.” Durung kober nakoni kahanane Budi, Narto sajak gita-gita kepengin ketemu simbokne, jangkahe dicepetake. Sedhela wae wis tekan ngomah. Lagi wae mlangkah lawang Narto wis cingak kahanan omahe kang wis tumata, katon resik. Durung nganti takon, simbokne nggapyuk Narto karo trenyuh merga seneng atine.
“O Allah, Le, kowe wis bisa tekan ngomah tenan kanthi slamet,
39 [ 40 ]maturnuwun Gusti! Piye kabare? Oh, ya dhuwit kirimanmu kae dakenggo ndandani omah iki. Ya iki asilmu, Le”
“Inggih sampun, mBok,” jawabe Narto cekak
Sawise leren sawetara, Narto nuli crita yen satemene tujuwane anggone bali arep ngajak simboke lan adhine pindhah menyang kutha.
“Ora, Le, aku wis tuwa. Kari pirang dina umurku. Aku ya wis seneng banget kowe bisa urip mulya ana kutha. Dene aku dakana kene wae nganti sapatiku manggoni pusaka warisane bapakmu. Ya mung wae welingku, yen wis urip kepenak ana kutha aja lali karo lemah wutah getihmu, sedulur-sedulurmu, kanca-kancamu, lan aja lali karo desamu. 'Ajanganti kacang lali karo kulite!” ujare simbokne Narto ngemu piweling.
Narto mikir sedhela. Kabeh meneng. Ing njero omah swasanane nyenyet, ora ana sing cecuwit. Narto mbenerake apa piwelinge Mbokne iku, dheweke nampa panolake simbokne kanthi ora gela. Malah-malah kabeh mau ditampa kanthi senenging ati minangka wejangan kang 014 bakal dilalekake sateruse kanggo nggayuh laku mulya.