Kaca:Panjurung.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

NGGAYUH URIP MULYA Bu Kies

Jago kluruk saut-sautan. Bang wetan manda-manda sumurat abang. Wong-wong isih padha lelumban nerusake endahing impene. Nanging beda karo simbokne Narto, sing wis ndhisiki tangi. Sadurunge nandangi pegaweyan kaya adat saben, dheweke ngayahi kuwajiban kang paling ditengenake, yaiku sembahyang Subuh, bebarengan karo anake, Narto. Sing dadi imame Narto lan makmume simbokne.

“To, cepeta ndang adus, aku daknyiapakake sarapan. Mengko mangkat luwih gasik bareng aku. Gawanen tempene pisan!” pesene simbokne Narto sawise sembahyang.

“Inggih, mBok!” wangsulane Narto karo cepet-cepet tumuju menyang sumur.

Pancen sekolahe Narto cedhak pasar. Iku mau pancen disengaja supaya bisa mbantu simbokne sing pakaryane dodolan tempe. Semono uga Narto bisa ngrewangi simbokne. Senajan ta dimangerteni kanca- kanca lan gurune, dheweke ora isin saben mangkat sekolah nggawani tempe. Amarga ngrumangsani anake randha ditinggal mati bapakne wiwit cilik.

Sekolahe Narto pancen lumayan adohe, udakara enem kilonan meter. Apa maneh dalane durung rata pisan, isih lemah blaka. Menawa mangsa ketiga bleduge mangawur-awur, lan ing mangsa rendheng blethoke ora ilok. : Narto anggone menyang sekolah numpak sepedha tuwa tinggalane bapakne biyen. Mulane tekane pasar Narto luwih dhisik. Simbokne mlaku alon-alon nggendhong dagangane. Narto ngenteni sedhela. Satekane simbokne tempene diudhunake karo nyendhekake sepedhane.

“mBok, mBok, Simbok! Tempene ditata pundi?” celathune Narto sing karepe arep bantu simbokne.

“Ora usah, cepet gek mangkata kana! Mengko selak telat!” wangsulane simbokne Narto karo ngulungake sangu Rp300,00 kanthi

” rasa kuwatir.

39