Kaca:Panjurung.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Sing ngati-ati ya ana ndalan!” welinge.

“Inggih mBok, matur nuwun!” wangsulane Narto cekak.

Wektu wis lumaku jam 06.3. Setengah jam maneh sekolahe mlebu. Narto klebu bocah pinter ing kelase sanajan saben dina ngrewangi simbokne. Dheweke bisa ngatur wektune. Wayahe sinau ya sinau, wayahe dolan ya dolan, wayahe nyambut gawe ya nyambut gawe. Mulane ing ngendi wae saben wong seneng marang Narto.

Ya nalika tumuju menyang sekolahan iku Narto ketemu Budi, kancane wiwit saka SD lan saiki padha-padha wis kelas III SMP.

“He, Nar! Kok anggone ngepit kaya macan luwe,” pitakone Budi karo guyon.

“Pancen, Bud, santai wae kok! Oh ya, Bud, wingi Bu Asih ngendika yen mengko pelajarane sing jam kaping enem ulangan PSPB. Kowe siap durung?”

“Yaampun, aku lali temenan,” wangsulane Budi rada bingung.

Ora suwe maneh Narto lan Budi wis tekan ing sekolahan. Budi nasibe padha karo Narto, klebu anake wong ora duwe, lan kudu ngewangi wong tuwane sabaline sekolah. Bocah loro kuwi kerep dadi nyek-nyekan kanca-kancane sing rumangsa anake wong sugih.

“Walah, ... Narto kuwi bocah ndesa, ...' kecil, ngono kok kepengin sekolah dhuwur. Eh kanca-kanca, sangune wae mung Rp300,00. Iku rak mung kena kanggo tuku sogok untu!” nyek-nyekane Anton lan kanca- kanca liyane kang nglarakake ati. Narto lan Budi tetep panggah ora ngladeni kancane iku. Kanggone bocah loro kuwi sekolah ukurane dudu sangu. Anton kuwi pancen anake wong sugih, pengusaha gedhe, nanging tandang-tanduke adigang-adigung-adiguna. Saben dina Anton lan kelompoke ngenyek terus karo Narto lan Budi.

“Wis Bud, ayo ngadoh kana, golek hawa seger. Swarane Narto lirih karo ngglandhang tangane Budi. Budi ngetutake ana mburine Narto. Nalika bocah loro mau tekan lawang, dumadakan Anton lan kanca- kancane njarak njegal sikile Narto. Narto tiba njengkelit. Anton sakancane padha ngguyu cekakakan. Budi bisane mung dheleg-dheleg ora wani “” tumindak apa-apa. Karo krengkangan Narto tangi.

“Pancen aku bocah ndesa, elek, kere, nanging aku isih duwe harga dhiri kaya manungsa liyane,” wangsulane Narto kang nesu.

36