Kaca:Panjurung.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

biji Ebtanas lan Ebta sekolah kanthi maremake. Sanajan dheweke duwe NEM dhuwur, nanging ora katon seneng. Kepara malah katon susah atine. Kabeh kang dadi penandange Narto, gurune pirsa, yakuwi Bu Asih.

“Nar, ana apa kok susah? NEM-mu apik, ta? Apa sing kopikirake?”

“Eh, Bu Asih,” wangsulane Narto sajak kaget, ”Bu, sejatosipun kula kepengin sekolah dhateng SMU. Nanging kula boten gadhah ragat awit bapak sampun seda lan simbok kula namung sadeyan tempe.”

“Ya, wis kowe aja sumelang maneh. Kowe bakal sekolah kang luwih dhuwur kaya sing kokarepake.”

“Caranipun, Bu?” Narto nyuwun pirsa, sajak padhang praupane.

“Ibu mengko dakmatur marang Kepala Sekolah, menawa kowe bisa digolekake wong tuwa asuh,” Bu Asih nerangake.

“Matur nuwun, Bu,” wangsulane Narto mantep. Narto katon bungah banget. Tekan ing ngomah banjur dicritakake kabeh marang simbokne menawa Narto bakal sekolah maneh.

“mBok, mugi-mugi kula saget mujudaken sedaya gegayuhanipun Simbok saha Bapak suwargi, supados kula bekti lan setya dhateng bangsa ugi negari.”

Let seminggu Narto entuk layang saka Bapak Kepala Sekolah menawa Narto wis entuk wong tuwa asuh. Nanging anggone sekolah ana Jakarta. Narto nampa layang iku bungah banget lan nganti nj ondhil- njondhil. Simbokne uga melu seneng sanajan ta abot bakal ditinggal dening Narto.

“Nar, yen pancen kowe wis mantep ya kudu ngati-ati yen ana Jakarta. Aja lali marang Gusti Pangeran Kang Mahaagung,” wanti- wantine smbokne Narto karo nangis.

“Inggih, mBok, kula boten kesupen. Kula mesthi badhe kintun serat dhateng simbok.”

Cacawis menyang Jakarta kawiwitan, esuke Narto sida arep menyang Jakarta nunggang sepur. Ongkose menyang Jakarta mbukak celengane Narto sing dhuwit iku asale saka sangu saben esuk. Sejatine simbokne Narto ya duwe sawah nanging mung ciut. Amarga sawah iku kena kanggo pengarep-arep simbokne lan Narto, sawah iku ora bakal didol.

38