Menyang kontèn

Nayaka Lelana

Saka Wikisumber
[ 44 ]

5

NAYAKA LELANA


Kinanthi
1. dereng ing tyas angengidung
apa kang wus sun alami
wiwit wadyabala Landa
khianat cidra ing janji
nyerang tan mawi wawarta
lndonésia Républik

2. yèku dhawah dinten Minggu
kaping sangalas nyarengi
Dhésèmber ingkang wulannya
warsa nut tahun Masèhi
sèwu sangang atus miwah
kawan dasa wolu nenggih

3. duk samana kang ginempur
déning montor-mabur Wlandi
lapanganing kapal-terbang
Maguwa trus dèn ebroki
lajeng sru nyerang Ngayogya
ibukotaning Nagari

4. duk myarsa kang wus atempur
énggal anggènnya badhami
Pak Santo lan Pak Kasimo
yèku kakalihnya Menteri
kang nuju wonten ing Sala
samya tuwi kulawargi

5. kang dadi golonging rembug
wangsul mring Yogya dèn aglis
perlu netepi kwajiban
wit pra Mentri rapat pasthi
jam wolu énjang gya bidhal
numpak auto kalih sami

6. wau ta ingkang winuwus
dupi praptèng Krapyak dèsi
kidul kilèn Kartasura
dwi kapal-terbang kaèksi
anyerang sarwa sru hébat
swaranya anggegirisi

7. auto kalih samya ancur
pating complong kena mimis
tujuné kang sami numpak
begja taksih dèn ayomi
ing Gusti kang Murbèng Alam
wilujeng sarnya basuki

8. nuli numpak kréta wangsul
ing Kartasura pinanggih
Nayaka Dhokter Sukiman
yèku Mentri Dhalam Negri
ingkang ugi gadhah sedya
nuju Ngayogya nagari

9. Mentri tiga sami rujuk
wangsul Surakarta nagri
wit tan luput ing babaya
yènna trus nglajengken kapti
marga kapal-terbang Landa
ganas kejem andhandhangi

Dhandhanggula
1. énjangira winursita nenggih
dinten Senèn Dhésèmber wulannya
kaping dwi dasa tanggalé
ing balékota kumpul
Walikota Résdhèn, tri Mantri
lan Pak Gathot Subroto

[ 45 ]


Militèr Gupernur
Jéndral Mayor Pak Suhardjo
Pak Suroso déné kang dadi penulis
Sumardi aranira

2. ingkang sampun dèn putusken sami
supaya ta Pemerintah Pusat
linajengken sayogyané
minangka dhasaripun
putusan Kabinèt katiti
Dhésèrnber ping nembelas
nalika amutus
wit Présidhèn badhé tindak
mring India, Wakil Présdhèn sakit
gya badhé istirahat

3. duk sarnana ingkang dipun srahi
pimpinané Pemerintah Pusat
minangka dadi wakilé
yèku Nayaka telu
Perhubungan lan Dhalam Negri
katrinya Kehakiman
supaya sarujuk
rèhning kalih saking tiga
Mentri kempal wonten ing Sala
nagari
kuwaos amranata

4. Kementrian sadaya binagi
antarané Nayaka tetiga
tan lali peprincènané
wusana dalunipun
wus prajanji arapat malih
nanging dupi jam lima
nungka warta drujug
bilih mungsuh sampun prapta
sangang kilo saking Surakarta nagri
antawis Kartasura

5. sanalika lajeng bidhal sami
datan saged ngwontenaken rapat
awit saking kesusuné
duk samana wus nusul
Mentri Supeno lagya prapti
angempal Mentri papat
nuju Tawangmangu
Pak Peno tuwin Pak Santo
Pak Mashadi Pak Salèh Susilowati
samya nunggil pondhokan

6. Pak Mashadi kang sinebut nenggih
yèku ngasta pirnpinan Jawatan
Pernbangunan bagiané
lamun Pak Salèh iku
Perhubungan lan Dalam Negri
déné asma wanita
ingarsa winuwus
Anggota Badan Pekerja
ingkang uga mbyantu Pak Peno
wus lami
Susilowati kenya

7. wisma ingkang samya dèn inepi
yèku villa Brandharis namanya
kang pepak ubarampéné
nunggil wisma sadarum
Pak Sukiman Pak Mardi tuwin
Pak Kasimo Suroso
Pak Suhardjo kumpul
Meester Kasman lan Prawoto
lan Zainal Arifin katrinya sami
warga Badan Pekerja

8. gya dèn putus Mentri Dhalam Negri
pinasrahan pidhato radhio
supaya glis dèn umumké
bilih Pernrintah sampun
binagi pat Nayaka sami
cuwa tan kalaksanan
kang sinedya wurung
kesusul tampi pawarta
wadyabala Walandi sarnpun mèh
prapti
gya bidhal gagancangan

[ 46 ]

9. duk samana dinten Rebo kaping
kalih likur sih nunggil wulannya
tabuh tiga antarané
wit sanget gugupipun
datan saged kencan badhami
dhateng pundi purugnya
nilar Tawangmangu
wusanané nganti pethak
dados kalih rombongan kang nuli
sami
umijil sesowangan

Mijil

1. nalikanya nèng villa Brandharis
ngalad-alad katon
bumi angus ing Sala tandhané
lajeng ènget maring kulawargi
kang dèn tinggal sami ing batos
sru trenyuh

2. dhuh di ajeng Ibuné nak mami
lagi dadi lakon
ingsun kudu pisah lan slirané
anetepi kwajibaning Mentri
sumingkir mung amrih tan
tinukup mungsuh

3. yèku bukti gunging sedya mami
nggayuh karahayon
tumrap Bangsa sarta Nagarané
amrih tetep anaa kang mimpin
mardika binudi unggul juritipun

4. kang sun télad Bagawan Ciptaning
Mintaraga lakon
dyan Arjuna anggentur tapané
lelana ing Indrakila wukir
amangun tetèki sumungkem
Hyang Agung

5. kang sun pikir tumrenyuh ing ati
anakku kang anom
si wuragil Atmodjo arané
kulinané taksih dèn keloni
ugungan kepati nggulet rama ibu

6. mung sira jeng ywa pegat memuji
nyenyuwun Hyang Manon
dèn bisaa momong putra kabèh
sun tewakup Allah kang supadi
teguh datan gigrig nanggulangi
kéwuh

7. nrusken crita rerombongan mami
gupuh numpak montor
sopiripun ya Mahrup arané
ngétan praptèng dhukuh Gandasuli
wit rintangan margi kandheg datan
terus

8. sigra kampir ing wisma kang alit
lowung antuk pondhok
kanggo turu ngiras ngleremaké
badan lesu ruweting pamikir
datan wonten nasi kenthang
dhaharipun

9. tuwan rumah pakaryanirèki
kepalaning grombol
jaman Jepang Azatyo arané
wus mangerti ingkang sami ngungsi
pemimpin pribadi gupuh dénya
tulung

10. énjingipun nuli bidhal sami
nuju redi Mongkrong
yèku puntuk kang sanget inggilé
mudhun jurang ngayat minggah ardi
turut lelunguring pèrèng wukir
Lawu

11. tengah margi kang sami lumaris
dumadak kapregok
laré kalih kesasar lakuné
aran Mardjo akaliyan Kusni

[ 47 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/59 [ 48 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/60 [ 49 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/61