Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

46

9.duk samana dinten Rebo kaping

 kalih likur sih nunggil wulannya
 tabuh tiga antarané
 wit sanget gugupipun
 datan saged kencan badhami
 dhateng pundi purugnya
 nilar Tawangmangu
 wusanané nganti pethak
 dados kalih rombongan kang nuli 
                            sami
 umijil sesowangan

Mijil

1. nalikanya nèng villa Brandharis

  ngalad-alad katon
  bumi angus ing Sala tandhané
  lajeng ènget maring kulawargi
  kang dèn tinggal sami ing batos
                        sru trenyuh

2. dhuh di ajeng Ibuné nak mami

  lagi dadi lakon
  ingsun kudu pisah lan slirané
  anetepi kwajibaning Mentri
  sumingkir mung amrih tan
                 tinukup mungsuh

3. yèku bukti gunging sedya mami

  nggayuh karahayon
  tumrap Bangsa sarta Nagarané
  amrih tetep anaa kang mimpin
  mardika binudi unggul juritipun

4. kang sun télad Bagawan Ciptaning

  Mintaraga lakon
  dyan Arjuna anggentur tapané
  lelana ing Indrakila wukir
  amangun tetèki sumungkem
                    Hyang Agung

5. kang sun pikir tumrenyuh ing ati

  anakku kang anom
  si wuragil Atmodjo arané
  kulinané taksih dèn keloni
  ugungan kepati nggulet rama ibu

6. mung sira jeng ywa pegat memuji

  nyenyuwun Hyang Manon
  dèn bisaa momong putra kabèh
  sun tewakup Allah kang supadi
  teguh datan gigrig nanggulangi
                              kéwuh

7. nrusken crita rerombongan mami

  gupuh numpak montor
  sopiripun ya Mahrup arané
  ngétan praptèng dhukuh Gandasuli
  wit rintangan margi kandheg datan
                                terus

8. sigra kampir ing wisma kang alit

  lowung antuk pondhok
  kanggo turu ngiras ngleremaké
  badan lesu ruweting pamikir
  datan wonten nasi kenthang
                           dhaharipun

9. tuwan rumah pakaryanirèki

  kepalaning grombol
  jaman Jepang Azatyo arané
  wus mangerti ingkang sami ngungsi
  pemimpin pribadi gupuh dénya
                             tulung

10. énjingipun nuli bidhal sami

  nuju redi Mongkrong
  yèku puntuk kang sanget inggilé
  mudhun jurang ngayat minggah ardi
  turut lelunguring pèrèng wukir
                                Lawu

11. tengah margi kang sami lumaris

   dumadak kapregok
   laré kalih kesasar lakuné
   aran Mardjo akaliyan Kusni