Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

5

NAYAKA LELANA


Kinanthi
1. dereng ing tyas angengidung
apa kang wus sun alami
wiwit wadyabala Landa
khianat cidra ing janji
nyerang tan mawi wawarta
lndonésia Républik

2. yèku dhawah dinten Minggu
kaping sangalas nyarengi
Dhésèmber ingkang wulannya
warsa nut tahun Masèhi
sèwu sangang atus miwah
kawan dasa wolu nenggih

3. duk samana kang ginempur
déning montor-mabur Wlandi
lapanganing kapal-terbang
Maguwa trus dèn ebroki
lajeng sru nyerang Ngayogya
ibukotaning Nagari

4. duk myarsa kang wus atempur
énggal anggènnya badhami
Pak Santo lan Pak Kasimo
yèku kakalihnya Menteri
kang nuju wonten ing Sala
samya tuwi kulawargi

5. kang dadi golonging rembug
wangsul mring Yogya dèn aglis
perlu netepi kwajiban
wit pra Mentri rapat pasthi
jam wolu énjang gya bidhal
numpak auto kalih sami

6. wau ta ingkang winuwus
dupi praptèng Krapyak dèsi
kidul kilèn Kartasura
dwi kapal-terbang kaèksi
anyerang sarwa sru hébat
swaranya anggegirisi

7. auto kalih samya ancur
pating complong kena mimis
tujuné kang sami numpak
begja taksih dèn ayomi
ing Gusti kang Murbèng Alam
wilujeng sarnya basuki

8. nuli numpak kréta wangsul
ing Kartasura pinanggih
Nayaka Dhokter Sukiman
yèku Mentri Dhalam Negri
ingkang ugi gadhah sedya
nuju Ngayogya nagari

9. Mentri tiga sami rujuk
wangsul Surakarta nagri
wit tan luput ing babaya
yènna trus nglajengken kapti
marga kapal-terbang Landa
ganas kejem andhandhangi

Dhandhanggula
1. énjangira winursita nenggih
dinten Senèn Dhésèmber wulannya
kaping dwi dasa tanggalé
ing balékota kumpul
Walikota Résdhèn, tri Mantri
lan Pak Gathot Subroto