Menyang kontèn

Murkane Ibu

Saka Wikisumber
Murkane Ibu

[ 70 ]Murkane Ibu

Zona Dewi Utari SMA Negeri 1 Temon, Kulonprogo

kd

muruning cahya abang ing sisih kulon, pratanda yen awan wis arep pamitan lan ganti wengi. Bu Murni, wanita kang wis katon

lekukan ing parsuryane, isih wira-wiri ing emperan, kaya ana sing dipikirake. Atine tansah kuwatir lan bingung amarga anak wadon durung bali saka sekolah. Kanyatan wis akeh kadadeyan, yen bocah wadon diperkosa ana ing dalan. Apa meneh, anake kuwi kalebu bocah wadon sing ayu rupane. Sakwise adzan magrib wis rampung, ana suara montor mandheg ing ngarep omah. Bu Murni banjur gage- gage mlayu ing latar. Ora letsuwe katon bocah wadon mudhun saka montor. Bu Murni banjur lega atine, anak wadon wis mulih kanthi slamet.

“Dhuh, Ndhuk, saka ngendi kowe, ibu kuwatir banget, Iho. Gek ndang adus, banjur solat, rus maem!”

Laras mung meneng wae, ora mangsuli. Dheweke banjur mlebu omah lan mlebu kamare ganti klambi.

Bu Murni banjur nyiapake banyu anget kanggo adus Laras.

“Ndhuk, adus dhisik, iki wis ibu cawiske banyune anget.”

“Sapasing arep adus ta! Wong wengi-wengi kok adus. Adhem!”

Ngerti yen Laras ora sida adus, Bu Murni banjur nyiapake panganan ing pawon.

“Yo wis Ndhuk, maem sikik.”

“Heh!” Laras banjurmetu saka kamar lan lungguh ing meja makan.

“Ih...! Panganan apa iki. Jijik!”

“Kuwi sayur esuk mau Ndhuk.”

70 = Antologi Crata Cekak ee. [ 71 ]“Ibu ki piye ta. Goblok! Nek sayur diangeti ora sehat lan ora enak. Ora tau mangan bangku sekolahan sih!”

Bu Murni ora bisa nyauri. Dheweke mung tansah istighfar lan ngelus dhadha. Laras banjur mlebu maneh ana ing kamar. Kenya maurupane ayu, nanging ala atine. Pratela dheweke tega ngomong kasar marang ibune.

Adan subuh wis kumandhang. Bu Murni gage-gage tangi lan salat. Sakwise salat, dheweke banjur masak ana ing pawon, kanggo sarapan Laras. Ananging wis jam enem Laras durung tangi. Kamare isih dikunci. “Ndhuk..., Ndhuk..., Ndhuk...!” Ibune nyoba nangekake Laras. Nanging bola-bali ora ana sauran saka njero. Krasa ana suara brisik saka njaba kamare, Laras banjur tangi lan mbukak lawang,

“Brisik, Bu!!!”

“Ndhuk, wis jam enem luwih, kae gek ndang adus.”

Saben dina, kelakuane Laras saya ngece lan ndadekake ibune kaya babu. Isane mung njaluk dhuwit lan nggetak-nggetak ibune. Ananging Bu Murni mung bisa sabar. Amarga Laras salah sawi- jining wong sing paling ditresnani. Bu Murni ngrumat Laras tanpa dikancani bojo. Mulo Laras iku kanca uripe ing donya.

Kaya adat sabene, Laras bali sekolah nganti bar Magrib. Ananging, dina iki beda. Laras bali ditutke bocah lanang sing bagus rupane lan kayane bocah sing bener-bener.

“Wis Mas tekan kene wae!”

“Ora Dhik tak terke tekan ngarep lawang, Iki wis bengi. Meng- ko nek didukani ibumu aku tak sing njelaske.”

Laras mung manut wae. Tekan ngarep lawang, Laras nyeluk ibune.

“Bu, Laras bali.”

Bu Murni banjur gage-gage mbukak lawang,

“Suwe banget ta Bu.”

“Ibu lagi salat Ndhuk.”

Laras ora mangsuli maneh malah banjur mlebu kamar. “Lho, Nak Mas niki sinten?”

ula Anggoro, rencangipun Laras.”

“Lha mangga lenggah rumiyin, kula damelake unjukan.” Anggoro banjurlungguh ana ing ruang tamu. Bu Murni banjur menyang pawon.

“Laras, Anggoro ki pacarmu pa?”


> “Murkane Ibu” ee 71 [ 72 ]“Emange ngapa?”

“Ibu seneng bocah lanang sing sopan.”

Laras ora nyauri, dheweke malah terus ana ing ruang tamu ngancani Anggoro.

“Monggo diunjuk, Nak!”

Anggoro mung manthuk lan tansah mikir kadadeyan sing di- delok sak iki.

BuMurni banjur lungguh ing sacedhake Laras. Ngerti yen ibu- nepengin melu omong-omongan, Laras malah pamit mlebu karo raine mrengut.

“Nyuwun sewu nggih Nak Anggoro, Laras...”

“Mboten napa-napa Bu.”

Anggoro banjur pamit mulih. Bu Murni ramongsa kasengsem karo tindhak-tandhuke Anggoro. Ing batine, mendah bungahe atiku yen Laras bisa kaya Anggoro. Bu Murni mung bisa tansah ndedonga marangGusti, muga-muga Laras enggal eling karo tingkahe marang dheweke.

Sak iki saben dina Anggoro methuk lan ngeterake bali Laras. Anggoro lan Laras pancen sak sekolahan. Bu Murni bisa mbedhek yen Anggoro iku duwe rasa tresna marang Laras. Sak iki Bu Murni rumangsa lega yen Laras ana sing njagani menawa dheweke lunga saka omah. Bu Murni mung bisa muji marang Gusti muga-muga kanthi sesrawungane karo bocah kuwi, kelakuane Laras saya apik.

Ing sakwijining dina, Anggoro ijin marang Bu Murni menawa arep ngajak Laras lunga.

“Bu, kula badhe ngajak Laras medal rumiyin, sekedhap mawon Bu.”

“Oo, nggih.”

Anggoro pamit marang Bu Marni. Nanging Laras meneng wae tanpa pamitmarang ibune. Bola-bali wae Bu Marni mung tansah sabar lan narima amarga kelakuane Laras. Sinambi tangane ngelus dhadha, eluh ing pandelengane tansah tumetes. Atine remuk, anak wadon sing diidhamake dadi anak kang solihah, malah kelakuane nglarani atine ibune. Bu Murni raisa negeli Laras, amarga saking tresnane marang Laras.

Anggoro ngajak Laras menyang panti asuhan. Anggoro ke- pengin Laras bisa eling marang kelakuane.

“Lho, Mas ngapa ndadak mrene barang?.”

78, > Antologi Crita Cekak ee [ 73 ]Anggoro mung meneng, banjur ngandheng tangane Laras mlebu panti asuhan. Ing njero panti akeh bocah padha dolanan.

“Laras, delengna bocah-bocah kae. Bocah kae padha ora duwe bapa lan biyung.”

“Njuk ana apa Mas.”

“Kudune awakmu bombong menawa awakmu isih duwe bi- yung, kang saben dina tansah njaga awakmu. Dadi bektiya marang biyungmu, Dhik”

“Aku ngerti Mas apa sing taklakoni. Nanging kowe ki sapa kok ngatur-ngatur aku.”

Bareng Laras mangsuli kaya mengkono, Anggoro cep klakep. Anggoro banjur ngajak Laras bali. Dheweke mikir yen kelakuane Laras angel menawa dikandhani. Awit panti asuhan tekan omahe Laras, ora ana suarane Anggoro lan Laras. Laras rumangsa gething marang Anggoro. Luwih-luwih, Laras gething marang ibune. Dhe- weke mikir yen Anggoro dikon ibune.

Saya suwe, kelakuane Laras marang ibune sansaya ndadi. Ka- beh manungsa duwerasa sabar, apa maneh Bu Murni. Rasa tresnane marang Laras malah ndadeke Laras sansaya ngece lan wani marang dheweke.

Ing sawijining dina, Laras bali saka sekolah kaya biasane.

“Laras, saka ngendi wae kowe Ndhuk?”

Laras ora mangsuli. Bu Murni saya duka.

“Apa ibu tau ngajari kowe yen didanggu ora mangsuli.”

Laras tetep meneng tanpa mangsuli pitakone ibune.

Wis entek kesabarane Bu Murni.

“Lungga kana Laras! Ibu wis ora kuwat ngrasakake tingkahmu, Lunga!”

“Oo, dadi Ibu ngusir aku?”

“Ibu trima ora duwe anak kaya kowe”

“Yoh nek ngono karepmu Bu. Sak iki Laras lunga.”

Wektu kuwi dumadakan gludhug seru. Udan mili saka lan git, uga udan eluh kang mili saka paningalane Bu Murni. Laras mlayu metu omah. Ora nangis ora sedhih.

Beda karo Bu Marni, dheweke banjur sujud nglangsar ing jubin lan ngelus dhadha. Rumangsa getun nundhung lunga anake.

Ing dalan, Anggoro bali saka kantore bapakne, dheweke weruh Laras mlaku udan-udanan. Banjur dicedhaki.


> “Murkane Ibu” ee 783 [ 74 ]“Arep nengndi Laras, kok udan-udanan?”

Laras mung meneng ora mangsuli. Dheweke bingung arep nengndi playune. Anggoro mung bisa ngetutke saka mburi. Bareng neng ngarepe Laras ana trek, Laras ora nglegewa, pikirane buntet. Dumadakan Laras mlayu ana tengah dalan banjur dheweke ditabrak truk, amarga supir truk kaget lan ora isa ngerem. Laras nglumpruk ing tengah dalan. Awake tatu arang kranjang, getih tansah mili nelesi badane.

Anggoro bali ana omahe Laras. Dheweke nyritake kadadeyan kang ndadekake Laras mati. Ibune njegeglek durung bisa percaya menawa anak wadon siji-sijine ninggalake dheweke, kanthi dhe- weke durung bisa menehi pangapura.

kan

M Zona Dewi Utari, bocah kelairan Gunungkidul, 1 Novem- ber 1993 iki minangka siswa ing SMA Negegril Temon, "| Kebonrejo, Temon, Kulon Progo, telepon (0274) | 71175523, ngrasukagama Islam, omahe ana ing Gandri,

Temon Wetan, Temon, Kulon Progo, HP-ne 087838242705, nduweni kesenengan maca lan nulis.


74 = Antologi Crata Cekak ee.