Kaca:Murkane Ibu.pdf/80

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Ibu ki piye ta. Goblok! Nek sayur diangeti ora sehat lan ora enak. Ora tau mangan bangku sekolahan sih!”

Bu Murni ora bisa nyauri. Dheweke mung tansah istighfar lan ngelus dhadha. Laras banjur mlebu maneh ana ing kamar. Kenya maurupane ayu, nanging ala atine. Pratela dheweke tega ngomong kasar marang ibune.

Adan subuh wis kumandhang. Bu Murni gage-gage tangi lan salat. Sakwise salat, dheweke banjur masak ana ing pawon, kanggo sarapan Laras. Ananging wis jam enem Laras durung tangi. Kamare isih dikunci. “Ndhuk..., Ndhuk..., Ndhuk...!” Ibune nyoba nangekake Laras. Nanging bola-bali ora ana sauran saka njero. Krasa ana suara brisik saka njaba kamare, Laras banjur tangi lan mbukak lawang,

“Brisik, Bu!!!”

“Ndhuk, wis jam enem luwih, kae gek ndang adus.”

Saben dina, kelakuane Laras saya ngece lan ndadekake ibune kaya babu. Isane mung njaluk dhuwit lan nggetak-nggetak ibune. Ananging Bu Murni mung bisa sabar. Amarga Laras salah sawi- jining wong sing paling ditresnani. Bu Murni ngrumat Laras tanpa dikancani bojo. Mulo Laras iku kanca uripe ing donya.

Kaya adat sabene, Laras bali sekolah nganti bar Magrib. Ananging, dina iki beda. Laras bali ditutke bocah lanang sing bagus rupane lan kayane bocah sing bener-bener.

“Wis Mas tekan kene wae!”

“Ora Dhik tak terke tekan ngarep lawang, Iki wis bengi. Meng- ko nek didukani ibumu aku tak sing njelaske.”

Laras mung manut wae. Tekan ngarep lawang, Laras nyeluk ibune.

“Bu, Laras bali.”

Bu Murni banjur gage-gage mbukak lawang,

“Suwe banget ta Bu.”

“Ibu lagi salat Ndhuk.”

Laras ora mangsuli maneh malah banjur mlebu kamar. “Lho, Nak Mas niki sinten?”

ula Anggoro, rencangipun Laras.”

“Lha mangga lenggah rumiyin, kula damelake unjukan.” Anggoro banjurlungguh ana ing ruang tamu. Bu Murni banjur menyang pawon.

“Laras, Anggoro ki pacarmu pa?”


> “Murkane Ibu” ee 71