Kaca:Murkane Ibu.pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Emange ngapa?”

“Ibu seneng bocah lanang sing sopan.”

Laras ora nyauri, dheweke malah terus ana ing ruang tamu ngancani Anggoro.

“Monggo diunjuk, Nak!”

Anggoro mung manthuk lan tansah mikir kadadeyan sing di- delok sak iki.

BuMurni banjur lungguh ing sacedhake Laras. Ngerti yen ibu- nepengin melu omong-omongan, Laras malah pamit mlebu karo raine mrengut.

“Nyuwun sewu nggih Nak Anggoro, Laras...”

“Mboten napa-napa Bu.”

Anggoro banjur pamit mulih. Bu Murni ramongsa kasengsem karo tindhak-tandhuke Anggoro. Ing batine, mendah bungahe atiku yen Laras bisa kaya Anggoro. Bu Murni mung bisa tansah ndedonga marangGusti, muga-muga Laras enggal eling karo tingkahe marang dheweke.

Sak iki saben dina Anggoro methuk lan ngeterake bali Laras. Anggoro lan Laras pancen sak sekolahan. Bu Murni bisa mbedhek yen Anggoro iku duwe rasa tresna marang Laras. Sak iki Bu Murni rumangsa lega yen Laras ana sing njagani menawa dheweke lunga saka omah. Bu Murni mung bisa muji marang Gusti muga-muga kanthi sesrawungane karo bocah kuwi, kelakuane Laras saya apik.

Ing sakwijining dina, Anggoro ijin marang Bu Murni menawa arep ngajak Laras lunga.

“Bu, kula badhe ngajak Laras medal rumiyin, sekedhap mawon Bu.”

“Oo, nggih.”

Anggoro pamit marang Bu Marni. Nanging Laras meneng wae tanpa pamitmarang ibune. Bola-bali wae Bu Marni mung tansah sabar lan narima amarga kelakuane Laras. Sinambi tangane ngelus dhadha, eluh ing pandelengane tansah tumetes. Atine remuk, anak wadon sing diidhamake dadi anak kang solihah, malah kelakuane nglarani atine ibune. Bu Murni raisa negeli Laras, amarga saking tresnane marang Laras.

Anggoro ngajak Laras menyang panti asuhan. Anggoro ke- pengin Laras bisa eling marang kelakuane.

“Lho, Mas ngapa ndadak mrene barang?.”

78, > Antologi Crita Cekak ee