Kaca:Murkane Ibu.pdf/82

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Anggoro mung meneng, banjur ngandheng tangane Laras mlebu panti asuhan. Ing njero panti akeh bocah padha dolanan.

“Laras, delengna bocah-bocah kae. Bocah kae padha ora duwe bapa lan biyung.”

“Njuk ana apa Mas.”

“Kudune awakmu bombong menawa awakmu isih duwe bi- yung, kang saben dina tansah njaga awakmu. Dadi bektiya marang biyungmu, Dhik”

“Aku ngerti Mas apa sing taklakoni. Nanging kowe ki sapa kok ngatur-ngatur aku.”

Bareng Laras mangsuli kaya mengkono, Anggoro cep klakep. Anggoro banjur ngajak Laras bali. Dheweke mikir yen kelakuane Laras angel menawa dikandhani. Awit panti asuhan tekan omahe Laras, ora ana suarane Anggoro lan Laras. Laras rumangsa gething marang Anggoro. Luwih-luwih, Laras gething marang ibune. Dhe- weke mikir yen Anggoro dikon ibune.

Saya suwe, kelakuane Laras marang ibune sansaya ndadi. Ka- beh manungsa duwerasa sabar, apa maneh Bu Murni. Rasa tresnane marang Laras malah ndadeke Laras sansaya ngece lan wani marang dheweke.

Ing sawijining dina, Laras bali saka sekolah kaya biasane.

“Laras, saka ngendi wae kowe Ndhuk?”

Laras ora mangsuli. Bu Murni saya duka.

“Apa ibu tau ngajari kowe yen didanggu ora mangsuli.”

Laras tetep meneng tanpa mangsuli pitakone ibune.

Wis entek kesabarane Bu Murni.

“Lungga kana Laras! Ibu wis ora kuwat ngrasakake tingkahmu, Lunga!”

“Oo, dadi Ibu ngusir aku?”

“Ibu trima ora duwe anak kaya kowe”

“Yoh nek ngono karepmu Bu. Sak iki Laras lunga.”

Wektu kuwi dumadakan gludhug seru. Udan mili saka lan git, uga udan eluh kang mili saka paningalane Bu Murni. Laras mlayu metu omah. Ora nangis ora sedhih.

Beda karo Bu Marni, dheweke banjur sujud nglangsar ing jubin lan ngelus dhadha. Rumangsa getun nundhung lunga anake.

Ing dalan, Anggoro bali saka kantore bapakne, dheweke weruh Laras mlaku udan-udanan. Banjur dicedhaki.


> “Murkane Ibu” ee 783