Wikisumber:Angkringan

Saka Wikisumber

Angkringan​ ꧋ ꦮꦺꦝꦁꦔꦤ꧀
Sugeng rawuh ing Angkringan Wikisumber Jawa!

Angkringan Wikisumber Jawa minangka papan kanggo sapa baé kang arep takon utawa ngrembug samubarang prakara kang gayut karo Wikisumber basa Jawa. Mangga kowé bisa ngener pérangan kang arep kowé takokaké utawa rembug. Manawa kowé arep ngaturaké pangudarasa, uneg-uneg, panemu, lsp. bab Wikisumber Jawa, mangga kemawon. Ana déné kanggo rembugan bab prakara kang angèl banget, mangga sesambungan langsung marang panata Wikisumber. Kajaba iku, sawetara parembugan manggon ing mandhala aran Parembugan Indhèks lan Kaca.

꧋ꦱꦸꦒꦼꦁ​ꦫꦮꦸꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦮꦺꦝꦁꦔꦤ꧀ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦗꦮ​꧉
꧋ꦮꦺꦝꦁꦔꦤ꧀ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦗꦮ​ꦩꦶꦤꦁ​ꦏ​ꦥꦥꦤ꧀ꦏꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦱꦥ​ꦧꦲꦺꦏꦁ​ꦲꦉꦥ꧀ꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮ​ꦔꦽꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦱꦩꦸꦧꦫꦁ​ꦥꦿꦏꦫ​ꦏꦁ​ꦒꦪꦸꦠ꧀ꦏꦫꦺꦴ​ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦧꦱ​ꦗꦮ꧉​ꦩꦁ​ꦒ​ꦏꦺꦴꦮꦺꦧꦶꦱ​ꦔꦼꦤꦼꦂ​ꦥꦺꦫꦁ​ꦔꦤ꧀ꦏꦁ​ꦲꦉꦥ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦠꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦺꦲꦸꦠꦮ​ꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀꧉​ꦩꦤꦮ​ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦉꦥ꧀ꦔꦠꦸꦂꦫꦏꦺꦥꦔꦸꦢꦫꦱ꧈​ꦲꦸꦤꦼꦒ꧀ꦲꦸꦤꦼꦒ꧀꧈​ꦥꦤꦼꦩꦸ꧈​ꦭꦤ꧀ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦭ꧀ꦭꦺꦧꦧ꧀ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦗꦮ꧈​ꦩꦁ​ꦒ​ꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​ꦲꦤ​ꦢꦺꦤꦺꦏꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦥꦿꦏꦫ​ꦏꦁ​ꦲꦔꦺꦭ꧀ꦧꦔꦼꦠ꧀ ​ꦩꦁ​ꦒ​ꦱꦼꦱꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦔꦤ꧀ꦭꦁ​ꦱꦸꦁ​ꦩꦫꦁꦥꦤꦠꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​꧉​ꦏꦗꦧꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦱꦮꦠꦫꦥꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦩꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦤ꧀ꦝꦭꦲꦫꦤ꧀​ꦥꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦲꦶꦤ꧀ꦝꦺꦏ꧀​ꦭꦤ꧀​ꦏꦕ

Selamat datang di Warung Kopi Wikisumber bahasa Jawa!
Welcome to Javanese Wikisource's Village Pump!

Lomba Wikisumber 2022

Halo Kanca Wiki!

GLAM Wikimedia Indonesia lagi nganakaké lomba nitiwaca Wikisumber 2022. Ora mung ing Wikisumber basa Indonesia, ing wektu iki sampeyan uga bisa menehi kontribusi marang Wikisumber basa Jawa lan Wikisumber basa Bali. Acara iki bakal dianakaké ing tanggal 9–23 April 2022. Bakal ana hadiah kanggo telung pemenang lan hadiah liyané kanggo peserta sing melu.

Ayo melu kompetisi!

Informasi, syarat lan kahanan bisa ditemokaké ing: https://w.wiki/4zrg

Sugeng énjang!

Bennylin (rembugan) 9 April 2022 17.59 (UTC)[wangsuli]

Buku-buku sing dianggé lomba

Geguritan (Aksara Latin)

Aksara Jawa

Versi Latin Serat Pararaton saged diwaca ing https://www.sastra.org/kisah-cerita-dan-kronikal/cerita/3066-pararaton-mangkudimeja-1912-13-1053-jilid-1


Analisa

Interwiki

Wiwit Wikisumber kababar taksih kathah kaca-kaca ingkang dèrèng dipun-interwiki-kaken. Sapunika kula ngagem skrip kagem nggayutaken kaca-kaca ingkang prelu dipun-interwiki-kaken dhateng Wikidata. Bok bilih para sedhèrèk saged biyantu kula mriksa kaca-kacanipun menawi wonten kalepatan anggènipun kula nggayut? Ugi sasampunipun panjenengan ndamel cithakan, kategori, kaliyan modhul, kula nyuwun tulung kacanipun dipungayutaken piyambak.

Matur sembah nuwun. — Labdajiwa (rembugan) 15 April 2022 03.00 (UTC)[wangsuli]

Pratélan kaca-kaca énggal 30 dinten kapengker ing mandhala aran cithakan, modhul, Wikisumber, lan kategori. — Labdajiwa (rembugan) 18 April 2022 03.00 (UTC)[wangsuli]

Habis Gelap Terbitlah Terang

https://w.wiki/54Dp – tanggepan tanpa tapak asma déning Bennylin (rp) ing 16 April 2022 09.28 (UTC).[wangsuli]

Usul nambah wordmark Wikisumber Jawa ing skin Vector 2022

Jaré wara-wara iki, skin Vector 2022 bakal di-deploy menyang kabèh wiki ing pungkasan sasi Juli 2022. Format logoné kuwi séjé karo Vector 2010, kudu diparo-paro. Prabédané bisa dideleng ing Wikisumber:Pendhapa?useskin=vector-2022, s:tr:Anasayfa?useskin=vector-2022, lan s:zh:Wikisource:首页?useskin=vector-2022 (mung vèrsi dhèstop). Katon yèn wordmark-é iku nganggo font biasa, ora pati apik yèn disawang. Mula aku usul nambah wordmark Wikisumber Jawa ing skin Vector 2022. Usulan iki ora nambahi tagline kaya ing jvwiki lan jvwikt amerga proyèk-proyèk Wikisumber basa liya akèh-akèh tagline-é ora padha diwènèhi.

Nyuwun swara sarujuk-orané panjenengan. Yèn sarujuk, tulung awèh swara {{vote|y}} utawa {{vote|n}} yèn ora sarujuk, banjur wènèhi tapak asma ~~~~. Matur nuwun. — Labdajiwa (rembugan) 20 Juni 2022 03.00 (UTC)[wangsuli]

Sarujuk

Ora sarujuk

Ora milih