Komputer

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Sumunar

[ 7 ]KOMPUTER

Siti Kisdiyantini

Kahanan laboratorium kompuler ing papanku makarya saiki katon regeng. Ora amarga para murid Tapi entuk wulangan Teknologi Informatika Komputer (TIK), nanging para bapak ibu guru wiwit minggu kepungkur diwajibake dening Kepala Sekolah kudu melu kursus pengenalan komputer supaya katut ombyaking jaman kang apa-apa saiki migunakake sistem kompulerisasi,

“Mari Bapak-Bapak dan Ibulbu Guru, kita mulai pengenalan komputer ini dengan belajar membuat email atau surat elektronik, Dengan eni! ini nantinya Bapak, dan Ibu Guru bisa berkirim berita dengan cepat tanpa harus menunggu beberapa hari, seperti kalau kita berkirim surat melalui pos, Marilah, petama-tama

Swarane tentor komputer padha digatekake kanca kabeh, Pranyata kabeh padha manut lan seneng kaya bocah cilik entuk dolanan anyar. Ya amarga rumangsa seneng bisa melu ngrasakake kamajomning teknologi migunakake komputer, Ing batin mbok menawa padha ngunandika, “Wah, aku ora bakal kalah karo cah<cah saiki Amarga sithik-sithik wis bisa nggunakake komputer.”

Aku dhewe rumangsa seneng entuk kalodhangan melu kursus iki.

i ngentheng-enthengi

mengkone, i

dhata sing wis disimpen, Arep gawe rangking mung kari mencet “Klik”. Arep gawerata-rata biji ora sah ngetung mumet, mung kari nunul komputer kang ora gantalan suwe wis otomatis metu dhewe asile, Wah, jan kepenak tenan yen aku bisa mahir migunakake komputer. Ora sah njaluk tulung, ngetikke maneh, Kabeh wis bisa dak lakoni dhewe, tur mesthi cepete,

Kancaku kang asmane Pak Bambang iki pancen ora kalah semangate karo aku. Dhasar piyayine enerjik, mula ana kegiatan apa wae ing; sekolahan mesthi dieloni, Kegiatan lintas alam, sepedha gembira, kemah, nganti kegiatan bhakti sosial, Sing asmane Pak Bambang mesthi ora tau kari.

Pancen, kegiatan kursus komputer kanggo para guru ing sekolahku padha disengkuyung kancaku kabeh, saengga ing saben jadwal kursus laboratorioum komputer mesthi kebak. Iku kabeh amarga padha ngrasakake manawa komputer pranyata bisa nggampangake lan ngenthengake gaweyan administrasi puru. Sangsaya suwe meh kabeh kancaku wis lanyah anggone

SUMUNAR Autofogi Crisa Cekak, 7 [ 8 ]ndemok komputer. Malah saiki ana sing wis bisa diatfing, yaiku kirim-kiriman kabar utawa omong-omong, karo wang liya sarana migunakake komputer.

Pak Bambang, malah bisa diarani “keranjingan”. Saben-saben ana wektu lodhang mesthi digunakake dting. Yen wis ngono, dheweke betah lingguh ing ngarep komputer nganti tekan sore. Aku dhewe sing biasane mung weruh, suwe-suwe malah ketarik kepengin bisa ngrasakake diatting. Tanpa wigah-wigih Pak Bambang malah ngajak lan ngajari aku supaya bisa melu- melu apa kang dadi karemane Pak Bambang; diatting! :

“Weee, kadingaren. Njanur gunung tenan, Pak, njenengan dolan ing laboratorium komputer, Lagi ana jam kosong apa piye, Pak Joko?” pitakone Pak Bambang; nalika weruh aku jumedhul saka lawang laboratorium komputer.

“Wah, sejatine aku dina iki pancen libur kelas, ora ana jam mulang, Pak. Tinimbang ing omah mung disambati bojo wae, tur marakake mumet, aluwung dolan ing laboratorium komputer, ngiras pantes nglanyahake anggonku nyinau komputer iki,” wangsulanku karo nyedhaki Pak Bambang kang katon asyik ketungkul mejat-mejet hurup-huwup ing keyboard komputer,

“Pak, Bambang, njenengan ki Jagi nggarap apa kok katon asyik bange?” pirang cacahe liwat dzaiting iki. Malah ana sing wanodya, Iho. Yen kepengin, tindaka mrene mengko dakajari.” sekolah biyen Dhasar rupane bagus lan dedepe dhuwur. Mula ora Bambang kuwi seneng banget nyembranani wanita utawa malah kena diarani “buaya dharat”, kaya judhul lagune Ratu. Sifat mau pancen wis suda sakploke dheweke omah-omah karo Wati.

njenengan terus bisa. Wah, nyenengke Iho, Pak. Entuk tepungan karo wong akeh ing dunia maya. Mengko awake dhewe rak terus duwe kanca akeh sanajan ora tau gathuk ketemu, Iki aku malah entuk kenalan padha-padha guru matematika, jenenge Pak Bagya. Ayo dakkenalke”

'Aku kang wiwit mau mung ndelengke anggone Pak Bambang diatting mula aku gampang wae nalika diajari dating. Sedhela wae aku wis bisa nyapa ing papan liya liwat komputer, Wah nyenengake tenan

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, bi [ 9 ]dutting. Apa maneh ngelingi masalah ing bale somahku. Pikiranku banjur nglambrang tekan ngomah,

Sakjane wis sawetara wektu iki aku digawe bingung lan mumet amarpa pokale Maryani, wanita kang wis sepuluh taun dadi bojoku, Dheweke kepingin kaya kanca-kanca sakantor sing padha duwe komputer, Mula dheweke banjur ngedrel njaluk ditukokake komputer, Alesane supaya gaweyan kantor bisa disambi ing ngomah lan ora perlu nglembur ing kantor. Nanging, sepira ta pajiku minangka puru golongan cendhek? Tur maneh, isih ketambahan tanggungan anak telu kang lagi kemrapad-kemrapade?

“Walah Bu, komputer mono rak regane ora murah lan anggone ngrawat ya kudu temenan? Tur maneh, sasi iki rak bocah-bocah mbutuhake ragat kang ora sethithik, ta? Yen pancen kudu ngrampungake tugas paweyan, saiki rak akeh rentah-rental komputer kang bisa disewa? Mengko dak rewangi yen aku ana wektu lodhang,” mangkono kandhaku saben-saben bojoku njaluk ditukokake komputer, pos kang wis mesthi.

“Thetthet-het....”

Bal tandha yen sekolah wis bubar nyadharake aku saka anggonku ngalamun. Aku uga banjur kelingan menawa aku lagi ana ing laboratorium kom 4

Pa, aku bali sik woe, Dina Id aka wis kangsen kero bocahebocah arep ngeterake golek buku,” kandhaku marang Pak bambang.

“Wah, mbok mengko wae kondure, Iki aku lagi ketungkul omongan karo kanca diatling, je. Ning yen menawa njenengan wis ana acara liyane, ya ngaturi sugeng kondur. Aku mengko jam lima sore. Wong anak-anakku ya pinuju lagi ning omahe mbahne karo bojoku.”

“Ya wis, Pak. Aku titip salam kenal wae karo kanca-kanca diling .... ha....ha...;” guyonku,

“Salam kenal, pa salam tempel, Pak?”

“We, aja sembrana! ana setan liwat mengko. Wis Iho, Pak, aku

Aku bajur nunium montor tuwa sing wis pirang-pirang taun tansah setya ngetutake lakuku saka jaman aku isih kuliah tekan aku nyambut gawe, bebojoan, lan saiki malah wis anak-anak telu. Yen rumuli ati, sakjane ya kepingin ganti kendharaan. Nanging amarpa kebutuhan liyane luwih wigati, pepinginan ganti kendharaan kudu dikalahake karo cidlan omah, ragat sekolah bocah- bocah, sarta kanggo urip saben dinane, Mendah kaya apa abote menawa

SUMUNAR Arzobgi Crita Cekak, 9 [ 10 ]Maryani, sisihanku, ora melu nyambut gawe? Senajan mung dadi pegawai administrasi ing perusahaan swasta, nanging kabeh mau wis bisa melu mjejegake ekonomi keluargaku,

Tekan sekolahane bocah-bocah pranyata anakku wis padha ngadhang ing gapura sekolah, Sing cilik karo sing mbarep mbonceng ing mburi, dene sing nomer loro mbonceng ing ngarep, Bocah-bocah langsung padha njujug ruwang, makan lan langsung nyerbu masakan kang wis disedhiyakake rewangku.

“Ibune durung bali pa, Mbok?” pitakonku marang Mbok Nah nalika mlebu omah ora weruh glibete sisihanku,

“Dereng je, Pak, Mbok menawi lembur. Ning kala wau sampun konda lejeng mad malih, Ngendikam badhe sapakia, tendkd mgelik apesan menapa napa ngaten, Pak.”

“Ya wis yen ngono, Mbok. Tulung bocah-bocah kae diwrusi dhisik, Mbok. Aku dak ngaso,”

Aku banjur tumuju kamar salin klambi lan leyeh-leyeh karo mbatin bojoku kang wis sawetara iki seneng bali sore kanthi alesan nggarap laporan kantor ing rental, Kaya-kaya saiki wis nglirwakake jejibahan dadi ibune bocah- bocah, Nggarap tugas kantor ki kena-kena wae, nanging yen nganti nglalekake jejibahan minangka ibune bocah-bocah, Iha rak malah mesakake anak-anakku? Kagawa saka keseling awak, suwe-suwe aku keturon,

“Pak, wis surup, Ayo wungu! Ora ilok surup-surup sare.”

Ngerti-ngerti Maryani wis nggugah aku kanthi durung ganti klambi,

“Kok nganti tekan yah mene anggorunu metu, Bu? Mesakake bocah- bocah padha nakokake ibune terus.”

“Lho, Pak. Aku metu rak merga ngrampungake tupas-tupas kaninr. Yen mung daktulis tangan ngono wae ya bisa, ning rak ora praktis, Tur kesuwen! Mula aku banjur ngetik ing rental, Aku wingi-wingi rak wis usul mbok diusahakake golek komputer. Ya ra ketang seken ning angger isih apik rakya ra papa, ta?”

“Dhaswit saka ngendi, Bu? Gene ngerti dhewe yen kebutuhane dhewe iki pancen pirang-pirang? Apa maneh bocah-bocah lagi mangsane kemragad.”

“Lha merga saka iku, aku saiki kerep ning rental ngetik laporan- laporan gaweyan iki. Lha yen ing ngomah ra ana komputer, neng ngendi maneh yen ora neng rental?” saute Maryani emoh kalah, Mula aku bisane ya mung ngalih, terus mlebu kolah, adus!

Dina-dina candhake kera dipesthekake menawa Maryani mesthi bali yen wis wayah surup. Aku dhewe wis makaping-kaping ngandhani yen

SUMUNAR Antokgi Crita Cekak, 10 [ 11 ]keterusan bocah-bocah lan keluwarga bakal kapiran. Nanging kaya sing uwis- uwis, malah banjur panas lan rame, Mula aku mung trima meneng.

Bal ing sekolahanku wis muni, Mratandhani yen jam pelajaran arep diwiwiti. Aku banjur njujug laboratorium komputer. Aku mbatin Pak Bambang mesthi lagi stand by siap-siap dsatting. Pancen, dina iki aku lan Pak Bambang lagi ora ana jam mulang, Mung eniuk tugas piket. Nanging aku lan Pak Bambang malah ndhepis ing ngarep komputer. Sawise ngerti komputer lan bisa diatting mrana-mrene, Pak Bambang kaya wong nyidham. Saben-saben ana wekiu kang lodhang mesthi diafing golek kenalan wanita-wanita kang gelem disapa lan diajak kenalan ing dunia maya kang katone asyik kanggone

Eman tenan, teknolopi madheren kang kudune bisa kanggo tupas-tupase minangka guru, kepara malah kasatian dening Pak Bambang. Wis telung minggu iki dheweke tetepungan karo kang aran Yuning liwat dating. a, Ka akang neg Ta Ta Hel” wat menawa ketemu ing dunia maya mau, Nanging suwesuwe kekarone tambah akrab lan malah kaya wong padha sirsiran. Wah, kancaku siji iki pancen edan tenan, Wis duwe bojo ayu kok ya isih kurang ta, ya? Wis makaping-kaping aku ngandhani bab tingkah polahe Pak Bambêng kang, bisa mbebayani tumrap keluwargane, nanging dheweke ora tau nanggapi serius omonganku. Malah kaya-kaya semu ngece.

Mumet tenan aku saiki. Ing gaweyan ketemu Pak Bambang sing lagi “kasmaran” maneh karo Yuning kenalan diwiing-e. Ana ing omah ngerteni Maryani sisihanku sing uga saben-saben bali telat amarga kerep mampir ngetik kaa en

ik aa A 5 funing arep nganakake patemon utawa “kopi dharat”,

“Pak Bambang, njenengan aja dolanan geni Iho, Pak. Kok wani-wanine kangsen karo piyayi putri, Eling yen Panjenengan iki wis kagungan keluwarga,” aku myeba ngadharake Bak Bambang Lang sajak, puber kaping

“Aku iki mung kepingin ngerti lan weruh wae, Pak. Ora bakal neka- neka, kok,” panyaute Pak Bambang nyengenges.

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, ki [ 12 ]Wah, pancen rada edan tenan kancaku siji iki. Kangsen malah ngajak- ajak bala. Sakjane aku wegah nanggapi ajak-ajake Pak Bambang, Nanging, aku kok malah melu penasaran kepingin ngerti sapa ta sejatine Yuning kuwi.

Mula nalika Pak Bambang ditfing karo Yuning, aku upa melu Yuning kuwi carane ngomong genit lan mesthi gawe penasaran kanca diating-e. Aja maneh kok Pak Bambang, aku wae sing mung melu-melu maca dadi

“Piye Pak, njenengan wis kepingin ngerti lan tetepungan liwat kopi dharat karo Yiming, ta? Mula ayo melu aku wae patemon karo dheweke. Mengkojam telu, piye?”

“Wah piye, ya? Apa Njenengan ki ora rumangsa kuwatir yen bakal kadenangan Wati, sisihan Njenengan? Mengko yen nganti ana apa-apa, piye? Wis Pak, cukup kenal ning dunia maya wae. Aja dolanan geni, mengko kobong,” kandhaku nyoba ngelekake lan ngandhani supaya Pak Bambang mjugarake rencanane anggone arep patemon karo Yuning,

Embuh setan endi sing mbisiki kok kancaku siji iki tetep nekad ketemu karo Yuning, Malah meksa-meksa aku supaya pelem ngancani kareben katon samun yen kepethuk kanca gaweyan, Nanging, aku bali kukuh nolak amarga wedi yen ara apa-apa. Ora wurung aku: bakal katut-katut ing perkara sanajan yen jujur aku ya kepingin ngerti sapa ta si Yuning sing wis bisa gawe mobat- mahbiting jantunge Pak Bambang. Wekasane, aku banjur pamit mulih mundhak selak kedawa-dawa anggonku ngobrol ngalor-ngidul ngenani Yuning,

“Tega tenan njenengan? Lapi jam samene wis pamit? Wis ta, mengko “wae kondure, Ayo saiki ngancani aku diatting karo Yuning, Sapa ngerti mengko malah diajak kenalan karo dheweke,”

“Wah, wis jam setengah loro, je. Aku kudu methuk bocah-bocah ing sekolahane amara bojoku saiki kerep bali nganti tekan wayah surup.”

“Yawis, Pak. Ndherekake sugeng, kondur. Aku dak nerusake datting. Lagi rameramene je,” wangsulane Pak Bambang medhot pacelathon.

Montor lawasku dakluntun metu pager sekolah, Banjur dakstater, Yuning mengko jam papat sore. Nanging, aku isih ngelingi anak bojo,

“Pak ... Pak, kok suwe banget olehe methuk?” anakku mbarep takon karo sajak protes amarga anggonku methuk pancen rada telat,

“Iya Gus, Bapak mau ana perlu dhisik. Dadi rada telat anggone methuk,” aku goroh karo Agus, anakku mbarep,

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 12 [ 13 ]Ora rinasa wis tekan ngomah. Bocah-bocah banjur salin Klambi padinan. Wisuh sikil terus padha maem sing wis disedhiyakake rewangku ing meja makan,

“Mbok Nah, ibune bocah-bocah meksa durung bali? pitakonku karo rada mangkel lan nesu.

“Dereng je, ... Pak,” wangsulane Mbok Nah karo rada groyok, Mbok menawa wedi krungu swaraku sing rada nesu,

“Yawis, Mbok Mengko yen wis padha maem, bocah-bocah langsung, dikon bubuk awan wae.”

Ing kamar aku banjur leyeh-leyeh kanthi ati mangkel lan judheg daklakoni uga mesthi wangsulan

Nyut aku banjur kelingan ajak-ajakane Pak Bambang supaya

dheweke anggone arep patemon karo Yuning sore iki. Wah, yén saben-saben Maryani bali surup, kenapa aku ora bisa pisan-pisan ya bali telat? Sidane aku nyaguhi ajak-ajakane Pak Bambang. Ya amarga kadereng rasa mangkel karo sisihanku dhewe sing saiki katon sok sibak kaya wanita karier,

Jam setengah papat sore aku sida ngeterake Pak Bambang kang arep patemon karo Yuning. Yuning dhewe janjine arep nganggo klambi biru, Dene Pak Bambang, nganggo klambi coklat kothak-kothak. Aneh, malah atiku sing was-was lan dheg-dhegan. Ewadene Pak Bambang malah katon tenang-tenang, wae. Mbok menawa kagawa saking senenge ali,

Saka kadohan, lamatlamat aku nyumurupi piyayi putri kang nganggo klambi biru. Wanita iku mesthi si Yuning, pangudarasaku. menawa dheweke sing aran Yumning, Dene aku mung namatake saka kadohan,

Jebul, anggone bojoku asring bali surup kuwi mung alesan wae, Amarga satemene dheweke lapi gandrung ditfing ing rentale kancane, Okatting karo Pak Bambang, kanca akrabiu dhewe. Sabubare kuwi aku wis ora kelinpan apa-apa maneh lan rasane donya mung sarwa peteng,

Dhuh, Gusti...

wiak

SUMUNAR Artologi Crita Cekak, 13