Ora rinasa wis tekan ngomah. Bocah-bocah banjur salin Klambi padinan. Wisuh sikil terus padha maem sing wis disedhiyakake rewangku ing meja makan,
“Mbok Nah, ibune bocah-bocah meksa durung bali? pitakonku karo rada mangkel lan nesu.
“Dereng je, ... Pak,” wangsulane Mbok Nah karo rada groyok, Mbok menawa wedi krungu swaraku sing rada nesu,
“Yawis, Mbok Mengko yen wis padha maem, bocah-bocah langsung, dikon bubuk awan wae.”
Ing kamar aku banjur leyeh-leyeh kanthi ati mangkel lan judheg daklakoni uga mesthi wangsulan
Nyut aku banjur kelingan ajak-ajakane Pak Bambang supaya
dheweke anggone arep patemon karo Yuning sore iki. Wah, yén saben-saben Maryani bali surup, kenapa aku ora bisa pisan-pisan ya bali telat? Sidane aku nyaguhi ajak-ajakane Pak Bambang. Ya amarga kadereng rasa mangkel karo sisihanku dhewe sing saiki katon sok sibak kaya wanita karier,
Jam setengah papat sore aku sida ngeterake Pak Bambang kang arep patemon karo Yuning. Yuning dhewe janjine arep nganggo klambi biru, Dene Pak Bambang, nganggo klambi coklat kothak-kothak. Aneh, malah atiku sing was-was lan dheg-dhegan. Ewadene Pak Bambang malah katon tenang-tenang, wae. Mbok menawa kagawa saking senenge ali,
Saka kadohan, lamatlamat aku nyumurupi piyayi putri kang nganggo klambi biru. Wanita iku mesthi si Yuning, pangudarasaku. menawa dheweke sing aran Yumning, Dene aku mung namatake saka kadohan,
Jebul, anggone bojoku asring bali surup kuwi mung alesan wae, Amarga satemene dheweke lapi gandrung ditfing ing rentale kancane, Okatting karo Pak Bambang, kanca akrabiu dhewe. Sabubare kuwi aku wis ora kelinpan apa-apa maneh lan rasane donya mung sarwa peteng,
Dhuh, Gusti...
wiak
SUMUNAR Artologi Crita Cekak, 13