Menyang kontèn

Kaca:Sumunar.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Wah, pancen rada edan tenan kancaku siji iki. Kangsen malah ngajak- ajak bala. Sakjane aku wegah nanggapi ajak-ajake Pak Bambang, Nanging, aku kok malah melu penasaran kepingin ngerti sapa ta sejatine Yuning kuwi.

Mula nalika Pak Bambang chatting karo Yuning, aku upa melu Yuning, aku uga melu nimbung anggone omongan-omongan lewat komputer. Pancen kena arani Yuning kuwi carane ngomong genit lan mesthi gawe penasaran kanca chatting-e. Aja maneh kok Pak Bambang, aku wae sing mung melu-melu maca dadi penasaran.

“Piye Pak, njenengan wis kepingin ngerti lan tetepungan liwat kopi dharat karo Yuning, ta? Mula ayo melu aku wae patemon karo dheweke. Mengkojam telu, piye?”

“Wah piye, ya? Apa Njenengan ki ora rumangsa kuwatir yen bakal kadenangan Wati, sisihan Njenengan? Mengko yen nganti ana apa-apa, piye? Wis Pak, cukup kenal ning dunia maya wae. Aja dolanan geni, mengko kobong,” kandhaku nyoba ngelekake lan ngandhani supaya Pak Bambang mjugarake rencanane anggone arep patemon karo Yuning,

Embuh setan endi sing mbisiki kok kancaku siji iki tetep nekad ketemu karo Yuning, Malah meksa-meksa aku supaya pelem ngancani kareben katon samun yen kepethuk kanca gaweyan, Nanging, aku bali kukuh nolak amarga wedi yen ara apa-apa. Ora wurung aku bakal katut-katut ing perkara sanajan yen jujur aku ya kepingin ngerti sapa ta si Yuning sing wis bisa gawe mobat-mahbiting jantunge Pak Bambang. Wekasane, aku banjur pamit mulih mundhak selak kedawa-dawa anggonku ngobrol ngalor-ngidul ngenani Yuning,

“Tega tenan njenengan? Lapi jam samene wis pamit? Wis ta, mengko wae kondure, Ayo saiki ngancani aku chatting karo Yuning, Sapa ngerti mengko malah diajak kenalan karo dheweke,”

“Wah, wis jam setengah loro, je. Aku kudu methuk bocah-bocah ing sekolahane amara bojoku saiki kerep bali nganti tekan wayah surup.”

“Yawis, Pak. Ndherekake sugeng, kondur. Aku dak nerusake chatting. Lagi rameramene je,” wangsulane Pak Bambang medhot pacelathon.

Montor lawasku dakluntun metu pager sekolah, Banjur dakstater,ngegeblas methuk bocah-bocah. Sadalan-dalan aku mikir ajak-ajake Pak Bambang kok kaya-kaya ndudut atiku supaya gelem ngancani sapatemon karo Yuning mengko jam papat sore. Nanging, aku isih ngelingi anak bojo,

“Pak ... Pak, kok suwe banget olehe methuk?” anakku mbarep takon karo sajak protes amarga anggonku methuk pancen rada telat,

“Iya Gus, Bapak mau ana perlu dhisik. Dadi rada telat anggone methuk,” aku goroh karo Agus, anakku mbarep,

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 12