Kebak Pengarep-Arep

Saka Wikisumber
Panjurung

[ 92 ]7 1

KEBAK PENGAREP-AREP Sumirah

Katon Weny nuntun sepedha motor saka garasi. Wektu kuwi Weny pancen arep lunga. Dheweke wis janji karo Hendy menawa esuk kuwi arep bareng-bareng ndhaftarake ana ing IKIP. Sawise nyetater motore, alon-alon Weny nglakokake motore tumuju kose Hendy.

Weny alon-alon nuntun motore mlebu ing pekarangan kang ora pati jembar. Omah cilik iku katon sepi. Alon-alon Weny ndhodhog lawang sepisan, pindho, ping telu, ora ana wangsulane, Weny nothok lawang sepisan maneh. Saka njero krungu swara srandhal kang diseret alon. Ora let suwe lawang banjur dibukak, katon wanita kang yuswane kurang luwih pitung puluhan taun. Wanita iku mandeng Weny kanthi tajem. Bareng dipandeng kaya mangkono iku mau Weny dadi ora kepenak pikire,

“Menapa Hendy wonten, Bu?” pitakone Weny alus.

Wanita sepuh iku ora liya ibu kos kang dienggoni Hendy banjur mangsuli.

“Anu, Nak, iki apa kancane Hendy?”

“Inggih, Bu! Kula menika kancanipun Hendy.”

“Yen ora kleru apa sliramu iku sing jenenge Weny, pa?”

“Leres, Bu!”

“Sedhela ya, Nak, dakjupukake pesenane Hendy.”

“Sejatosipun Hendy menika wonten pundi ta, Bu?”

“Sejatine Hendy iku rak mulih ana ndesa asale kana. Wingi sore dheweke entuk layang saka ibune, menawa ibune gerah dheweke supaya enggal mulih.”

“Menapa wonten perkawis sanes ingkang penting, Bu?” pitakone Weny maneh.

“Aku ora ngerti, Nak. Nanging iki aku dititipi layang kanggo sliramu.” "Weny nampani layang kanthi praupan kang abang branang katon mangkel banget atine karo Hendy kaya ora kena diampet anggone mangkel. Jroning batin, kena apa Hendy menehi surat wae kok ora gelem adu arep ngomong dhewe karo aku? Ndadak ditipake ibu kos barang

92 [ 93 ]njur karepe wae piye? Yen ngene iki rak ya ngaco acara, ta? Wis pokoke aku arep nusul Hendy.

Gandheng wis rada sauntara, Weny nyuwun pamit bali kanthi rasa kuciwa, Weny banjur mulih. Sawise tekan ngomah Weny mlebu kamare, Layang kang wiwit mau disimpen ana tase dibukak alon-alon.

"Wah, apa ya isine layang iki aku kok rada dheg-dhegan lan ora tenang pikirku. Mengko gek Hendy nesu karo aku." Layang banjur diwaca, "0, Hendy ora sida ndhaftarake ana IKIP, ta? Dadi dibatalake? Mulane ora wani omong dhewe karo aku menehi layang wae ndadak ditipake ibu kos. Adhuh, ibune gerah, ta?"

Jroning ati Weny duwe tekat arep nusul Hendy menyang ndesane, kepengin ketemu lan njaluk keterangan sing sajelas-jelase.

Pancen antarane Weny lan Hendy wis suwe anggone kekancan, nanging Weny sepisan wae durung tau dolan ana omahe Hendy. Dadi akrabe ya mung ana kos-kosan wae.

Panggresahe Weny, "Aku iki ya kebangeten wis kekancan suwe kok ya nganti tekan seprene durung ngerti omahe Hendy. Mula kebeneran banget kanthi layang iki aku bakal ngerti omahe Hendy senajan ta aku kudu takon-takon."

kakak

Telung dina candhake tenan Hendy mbatalake kekarepane. Hendy kepengin mulih. Tekan ngarep omah, Hendy jumangkah alon- alon mlebu plataran sajak ora kepenak atine. Hendy mandheg ana ing ngarep lawang lan banjur thothok lawang ora ana wangsulan. Swasana isih sepi ora ana apa-apa. Alon-alon Hendy mbukak lawang kang ora dikunci.

“Asalamualaikum,” pambengoke Hendy.

“Waalaikumsalam.” swara alon keprungu saka peturone ibune.

Hendy mlaku sajak kesusu tumuju peturone ibune kang lagi sareyan. Ibune Hendy katon sepuh banget, kuru, mripate cekung, praupane pucet. |

“Tbuuuu ...!” pambengoke Hendy karo ngruket ibune.

“Anakku, Hendy," ngono swara kang kawetu ana lambe kang kedher iku. Handy banjur lungguh ana peturone ibune.

“Tbu gerah menapa?”

93


> [ 94 ]“Ora Hen, ibu mung kekeselen wae, kok.” Kandhane maneh kanthi swara kang alus.

“Hasdi lan Nining wonten pundi, Bu?”

“Adhi-adhimu kae yen dolan rak ora ngerti wayah lan nggugu karepe dhewe kok Hen.”

“Bu, rayi-rayi kula sedaya rak sami minggah kelas, ta?”

“Ya kabeh padha munggah kelas lan bijine ya maremake, nanging sasi-sasi iki kerep telat anggone bayar BP-3.” Panggresahe ibune alon, kebak panandang kang abot banget. Hendy mesakake banget weruh ibune kaya ngono kuwi.

“Bu, kula boten wangsul wonten kitha.”

“Banjur kowe arep ngapa ana ngomah kene?”

“Kula badhe ngrencangi ibu pados arta kangge ragat sekolah rayi-rayi kula. Gandheng kula sampun rumaos ageng, kula badhe ngrencangi Ibu ndherek tanggel jawab bab ragat sekolahipun Hasdi lan Nining. Dados Ibu boten perlu sisah lan kuwatir boten saget bayar BP-3- ne Hasdi kaliyan Nining."

Ibune Hendy kedher lambene, mripat kaca-kaca, trenyuh banget dene anake gedhe lelabuhane marang wong tuwa. Kanthi ati kang mongkok, ibune banjur ngelus-elus sirahe anake lanang kanthi kebak rasa asih.

kk

Seminggu candhake, tenan esuk kuwi Weny wis tekan desane Hendy senajanta durung ngerti ngendi pase omahe Hendy. Ing pinggir dalan ana warung. Weny banjur mlaku nuju warung kuwi. Weny kanthi andhap-asor arep takon menyang warung kuwi. Ngerti ana wong teka sing duwe warung mesem, banjur takon, “Badhe mundhut menapa, Nak?”

Weny kanthi polatan sumeh uga banjur caos wangsulan, “Anu, Bu, nyuwun pangapunten kula boten tumbas, namung badhe nyuwun priksa.”

“Lho menapa, Nak?”

“Nyuwun priksa griyanipun kanca kula Hendy punika pundi n ggih, Bu?”

“Oh, griyanipun Nak Hendy ingkang sekolahipun wonten kitha?”

94 [ 95 ]“Menika lho Nak griya ingkang majeng ngidul ngajengipun wonten taneman sekar ingkang kathah lan griyanipun cetipun ijem menika.”

“O, inggih Bu, matur nuwun.”

Sawise ngucapake atur panuwun mau Weny alon-alon banjur nuju omahe Hendy kang dituduhake, Weny banjur mlebu plataran omahe Hendy kanthi ati kang ora jenjem,

Nanging dhasar Weny bocah kendel lan ora cilik aten, mula banjur nothok lawang uluk salam. Saka njero keprungu swara mangsuli. Ora suwe lawang banjur katon menga. Hendy kaget sanalika weruh Weny kang saiki ana ngarepe. Sawise kekarone wis lungguh adhep-adhepan, alon-alon Hendy takon.

“Kowe karo sapa, Wen?”

Weny ambegan landhung, banjur mangsuli, “Dhewe, Hen. Karepmu kuwi piye ta, Hen? Aku ora mudheng.”

“Lha piye ta, Wen?”

“Kowe ujug-ujug mulih lan ora nganggo alasan kang ora kena diugemi."

Saka njero krungu swara watuk-watuk bola-bali.

“Kowe krungu dhewe ta, Wen, ibuku lagi gerah lan uga adhi- adhiku perlu dhuwit kanggo rapat sekolah," kandhane Hendy karo ndhungkluk, dheweke kelingan nalika biyen bapake isih sugeng, Ibune ora perlu nyambut gawe direwangi adus kringet kanggo nyukupi kabutuhane kulawargane, Weruh kahanane kaya ngono kuwi Weny anggone arep nesu banjur diwurungake, dadi ora sida nesu. Weny rumangsa kleru ndakwa Hendy sing ora-ora.

Sawise ngobrol ngalor-ngidul ora karu-karuwan Weny banjur takon, “Ana apa, Hen ora ana kutha wae?”

“Ngene ya, Wen, sejatine urip ana ing ndesa apa ana kutha iku padha wae, kowe rak ngerti ta, ing ndesaku iki wis akeh para pemudha kang ninggalake desa iki” pangucape Hendy karo mesem, “menawa pemudha-pemutiha padha lunga kabeh saka ndesane banjur sapa sesuk. sing arep bangun desa iki?”

“Nanging Hen, kowe ing ndesa iki arep nyambut gawe apa?”

“Wen, kabeh gaweyan iku apik angger ora nerak saka aturan, arepa mung macul ana sawah nanging iku rak ya gaweyan kang apik, ta?”

95

4 [ 96 ]“Hen, bijimu iku rak apik, ta? lan kowe uga duwe ketrampilan, menawa kowe ora nerusake sekolah, wah, eman-eman banget kuwi,” pambujuke Weny.

“Jan-jane aku ya kepengin sekolah, nanging piye maneh adhiku padha sekolah kabeh lan bakal butuh ragat kang akeh, Bapakku wis seda, ibuk... Oh aku mesakake banget"

“Hen! tenan kowe ora nerusake sekolah tenan?” Weny nyela. “Apa ya kowe arep dadi wong tani, utawa bakul Hen?”

“Wen, kowe aja kesusu ndhisiki nesu. Aku mulih ing ndesa lan aku ora sida ndhaftar ana IKIP amarga kahanan. Mula aku duwe rencana, aku arep ngedegake bengkel sepedha motor. Kowe rak ora ngerti ta, aku biyen nalika sekolah melu pelajaran ekstra ketrampilan otomotif. Dadi saiki arep dakpraktekake anggonku oleh pelajaran ketrampilan saka sekolahan kae ngiras pantes dakenggo usaha wiraswasta.

“banjur kowe arep ngedegake bengkel ana ing desamu, Hen pitakone Weny.

“Iya, wong ing desaku durung ana bengkel. Kanggo wiwitan bengkel iki garapane arep daktandangi dhewe. Gandheng modhalku isih cilik lan aku lagi bukak anyar bokmenawa durung akeh lenggananku. Nanging besuk yen wis akeh lenggananku, aku arep golek tenapa-tenaga sing trampil ora mung siji utawa loro nanging luwih akeh maneh marang pemudha-pemudha ing ndesaku kang putus sekolah kae kanggo nulung. Supaya aja ana pengangguran, kabeh padha kerja lan oleh penghasilan. Besuk yen bengkelku laris banjur dadi bengkel gedhe hasilku arep dakenggo mbantu adhi-adhiku ragat sekolah."

“Yen pancen kowe wis mantep, aku ya setuju, Hen!” kandhane Weny kanthi esem kang manis.

“Lha, ngono kuwi, Wen, awake dhewe iki kalebu generasi penerus kudu bisa madeg dhewe, duwe ketrampilan ya kudu dipraktekake. Banjur kapan maneh yen ora saiki?”

“Muga-muga bengkelmu besuk bisa maju ya, Hen!”

“Ya, dongakna wae, Wen!”

Sanajan kanca akrabe Weny gedhe tekade bakal bukak bengkel, nanging Weny bakal, bacutake kuliyah ana IKIP. Dheweke duwe cita- cita kepengin dadi puru kaya gegayuhan lan pangarep-arepe wong tuwane.

D

96