Kaca:Panjurung.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Ora Hen, ibu mung kekeselen wae, kok.” Kandhane maneh kanthi swara kang alus.

“Hasdi lan Nining wonten pundi, Bu?”

“Adhi-adhimu kae yen dolan rak ora ngerti wayah lan nggugu karepe dhewe kok Hen.”

“Bu, rayi-rayi kula sedaya rak sami minggah kelas, ta?”

“Ya kabeh padha munggah kelas lan bijine ya maremake, nanging sasi-sasi iki kerep telat anggone bayar BP-3.” Panggresahe ibune alon, kebak panandang kang abot banget. Hendy mesakake banget weruh ibune kaya ngono kuwi.

“Bu, kula boten wangsul wonten kitha.”

“Banjur kowe arep ngapa ana ngomah kene?”

“Kula badhe ngrencangi ibu pados arta kangge ragat sekolah rayi-rayi kula. Gandheng kula sampun rumaos ageng, kula badhe ngrencangi Ibu ndherek tanggel jawab bab ragat sekolahipun Hasdi lan Nining. Dados Ibu boten perlu sisah lan kuwatir boten saget bayar BP-3- ne Hasdi kaliyan Nining."

Ibune Hendy kedher lambene, mripat kaca-kaca, trenyuh banget dene anake gedhe lelabuhane marang wong tuwa. Kanthi ati kang mongkok, ibune banjur ngelus-elus sirahe anake lanang kanthi kebak rasa asih.

kk

Seminggu candhake, tenan esuk kuwi Weny wis tekan desane Hendy senajanta durung ngerti ngendi pase omahe Hendy. Ing pinggir dalan ana warung. Weny banjur mlaku nuju warung kuwi. Weny kanthi andhap-asor arep takon menyang warung kuwi. Ngerti ana wong teka sing duwe warung mesem, banjur takon, “Badhe mundhut menapa, Nak?”

Weny kanthi polatan sumeh uga banjur caos wangsulan, “Anu, Bu, nyuwun pangapunten kula boten tumbas, namung badhe nyuwun priksa.”

“Lho menapa, Nak?”

“Nyuwun priksa griyanipun kanca kula Hendy punika pundi n ggih, Bu?”

“Oh, griyanipun Nak Hendy ingkang sekolahipun wonten kitha?”

94