Kaca:Panjurung.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

7 1

KEBAK PENGAREP-AREP Sumirah

Katon Weny nuntun sepedha motor saka garasi. Wektu kuwi Weny pancen arep lunga. Dheweke wis janji karo Hendy menawa esuk kuwi arep bareng-bareng ndhaftarake ana ing IKIP. Sawise nyetater motore, alon-alon Weny nglakokake motore tumuju kose Hendy.

Weny alon-alon nuntun motore mlebu ing pekarangan kang ora pati jembar. Omah cilik iku katon sepi. Alon-alon Weny ndhodhog lawang sepisan, pindho, ping telu, ora ana wangsulane, Weny nothok lawang sepisan maneh. Saka njero krungu swara srandhal kang diseret alon. Ora let suwe lawang banjur dibukak, katon wanita kang yuswane kurang luwih pitung puluhan taun. Wanita iku mandeng Weny kanthi tajem. Bareng dipandeng kaya mangkono iku mau Weny dadi ora kepenak pikire,

“Menapa Hendy wonten, Bu?” pitakone Weny alus.

Wanita sepuh iku ora liya ibu kos kang dienggoni Hendy banjur mangsuli.

“Anu, Nak, iki apa kancane Hendy?”

“Inggih, Bu! Kula menika kancanipun Hendy.”

“Yen ora kleru apa sliramu iku sing jenenge Weny, pa?”

“Leres, Bu!”

“Sedhela ya, Nak, dakjupukake pesenane Hendy.”

“Sejatosipun Hendy menika wonten pundi ta, Bu?”

“Sejatine Hendy iku rak mulih ana ndesa asale kana. Wingi sore dheweke entuk layang saka ibune, menawa ibune gerah dheweke supaya enggal mulih.”

“Menapa wonten perkawis sanes ingkang penting, Bu?” pitakone Weny maneh.

“Aku ora ngerti, Nak. Nanging iki aku dititipi layang kanggo sliramu.” "Weny nampani layang kanthi praupan kang abang branang katon mangkel banget atine karo Hendy kaya ora kena diampet anggone mangkel. Jroning batin, kena apa Hendy menehi surat wae kok ora gelem adu arep ngomong dhewe karo aku? Ndadak ditipake ibu kos barang

92