Menyang kontèn

Kaca:Panjurung.pdf/110

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Hen, bijimu iku rak apik, ta? lan kowe uga duwe ketrampilan, menawa kowe ora nerusake sekolah, wah, eman-eman banget kuwi,” pambujuke Weny.

“Jan-jane aku ya kepengin sekolah, nanging piye maneh adhiku padha sekolah kabeh lan bakal butuh ragat kang akeh, Bapakku wis seda, ibuk... Oh aku mesakake banget"

“Hen! tenan kowe ora nerusake sekolah tenan?” Weny nyela. “Apa ya kowe arep dadi wong tani, utawa bakul Hen?”

“Wen, kowe aja kesusu ndhisiki nesu. Aku mulih ing ndesa lan aku ora sida ndhaftar ana IKIP amarga kahanan. Mula aku duwe rencana, aku arep ngedegake bengkel sepedha motor. Kowe rak ora ngerti ta, aku biyen nalika sekolah melu pelajaran ekstra ketrampilan otomotif. Dadi saiki arep dakpraktekake anggonku oleh pelajaran ketrampilan saka sekolahan kae ngiras pantes dakenggo usaha wiraswasta.

“banjur kowe arep ngedegake bengkel ana ing desamu, Hen pitakone Weny.

“Iya, wong ing desaku durung ana bengkel. Kanggo wiwitan bengkel iki garapane arep daktandangi dhewe. Gandheng modhalku isih cilik lan aku lagi bukak anyar bokmenawa durung akeh lenggananku. Nanging besuk yen wis akeh lenggananku, aku arep golek tenapa-tenaga sing trampil ora mung siji utawa loro nanging luwih akeh maneh marang pemudha-pemudha ing ndesaku kang putus sekolah kae kanggo nulung. Supaya aja ana pengangguran, kabeh padha kerja lan oleh penghasilan. Besuk yen bengkelku laris banjur dadi bengkel gedhe hasilku arep dakenggo mbantu adhi-adhiku ragat sekolah."

“Yen pancen kowe wis mantep, aku ya setuju, Hen!” kandhane Weny kanthi esem kang manis.

“Lha, ngono kuwi, Wen, awake dhewe iki kalebu generasi penerus kudu bisa madeg dhewe, duwe ketrampilan ya kudu dipraktekake. Banjur kapan maneh yen ora saiki?”

“Muga-muga bengkelmu besuk bisa maju ya, Hen!”

“Ya, dongakna wae, Wen!”

Sanajan kanca akrabe Weny gedhe tekade bakal bukak bengkel, nanging Weny bakal, bacutake kuliyah ana IKIP. Dheweke duwe cita- cita kepengin dadi puru kaya gegayuhan lan pangarep-arepe wong tuwane.

D

96