90
Javanese Literature since Independence
Karo kèlingan marang uniné layang kang disaki, Kamdana banjur takon manèh: 'Yèn mlancong ngéné kuwi, biyasané kancané sapa waé, ḍik?'
'Ah, ora kena ditemtokaké, ajeg solan-salin. Aḍakané ya karo bocah wadon, gonta-ganti, ya sing sekolahan, ya sing ora sekolahan, karo sing nakal utawa sing ora nakal, cekaké ngramped.'
'Wah yèn ngono iku ceṭa yèn wong nggladrah.' Celaṭu ngono iku Kamdana wis sajak ora betah ana kono, kaya-kaya kesusu mbanḍang menyang Sriwedari kadereng rasa sujanané ganḍèng karo unining layang gawan saka Sragèn mau. Mula nuli celatu manèh: 'Iya anu, ḍik, dak-balèni manèh. Aja kurang ing pamengku, sing geḍé pangapuramu baé marang aku. Sarèhné wis sawetara lan wis paḍa ketemu slamet, aku kepareng nyuwun pamit ḍisik, arep bali menyang Kartasura.'
'Aku semono uga, mas. Kejaba aku sarwa matur nuwun, déné sliramu wis kepareng tindak mréné, sliramu uga ngegungna pangapura marang aku. Ning apa ara mengko-mengko ḍisik ta, mas? Wong ya isih ésuk ngéné kok!'
'Ora kok, ḍik. Iya andum slamet baé ḍisik,' celatuné Kamdana karo ngelon-eloni ngadeg saka lungguhé.
'Nḍèrèkaké wilujeng lho, mas!' Subanu uga menyat saka palungguhané, perlu nguntapaké tamuné.
Saka omahé Subanu Kamdana terus ngepit menyang Sriwedari. Lakuning pit kaya disawataké. Ana ingarep lokètan Kamdana milang-miling mbokmenawa Nur Indrati katon ana ing kono. Bareng ceṭa yèn ora ana, banjur nitipaké sepéḍané lan sawisé tuku karcis nuli mlebu taman Sriwedari.
S. H. Purusa, Si Lala kang Sinarawèdi,
Sala, 1964.