Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/103

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

16
PACEKLIK

anakku
puluh-puluh wis begjaku lan begjamu
kowé ora menangi sega beras anyar
ora weruh biyungmu nutu pari teles

anakku anak siji dak-aji-aji
dak-golèkaké pangan tekan ngendi-endi

mangsa ketiga dawa
panasé sumelèt tanpa méga
padaringan kotong tanpa isi

anakku anak siji dak-aji-aji
dak-ajak gagas lèlès pari

panasé sumelèt tanpa méga
anak siji dak-aji-aji
dak-turokaké ing galeng dak-kemuli

anakku
nywaraa manèh kaya mau
dhèk jinojoh kang duwé sawah

anakku anak siji dak-aji-aji
mati jinojoh wong; sinengguh colongan pari

Prijanggana
(in: Iesmaniasita, Guritan, Antologi
Sajak-sajak Jawi, Surakarta, 1975).

First published between 1954 and 1967.