Dirasani Ora Rumangsa
89
'Ngéné lho, mas Kam, tak-aturi. Warsat iku asalé saka désa Slagi, Pacitan. Mauné dadi guru sekolah rakyat ana ing daérahé kono. Nanging satemené Warsat iku penḍiḍikané ora mingsra. Wong ya mung lulusan sekolah rakyat tok, kuwi waé embuh lulus tenan embuh mung réka-réka. Sing ceṭa nggoné dadi guru ya mung guru gabrulan. Wusana dipinḍah mulang ana sekolah rakyat sakidul Sala, embuh ana Grogol apa ngendi aku ora pati ceṭa. Dadi wis lumrah menawa tumindaké ana ing sekolahan mau ya ora sakmestiné. Ganḍèng kurang penḍiḍikan, rumangsa olèh keḍuḍukan, mula ya ṭukul sipaté kang ngedir-diraké, kena diarani mendem pangkat kaé. Lucuné, yèn praktèk mulang, Warsat mesti banjur alasan sumuk, marga kringet mesṭi banjur dlèwèran ngeblohi klambiné. Mula ya ora lestari. Ya-iku antara taun sèket papatan ngono, para guru sekolah rakyat paḍa diuji manèh déning Pemerintah. Lha ya ing kéné iki Warsat kewiyak wadiné nggoné nggabrul. Upamané mung rada ara apik ngono waé isih bisa diparingi kalonggaran, sarana diwènèhi ḍiḍikan manèh. Bareng si Warsat babar blas mestiné ya banjur dipecat ngono. Ya iki olèh-olèhané Warsat.'
'Lha saterusé, ḍik, kok malah cukup lan kesait kuwi kepriyé larah-larahé?'
'Warsat kuwi wong nékad kok! Dipecat saka gawéan ora malah ngati-ati utawa ngrumangsani, jebul malah tambah sembranané, saya mempeng royalé, mubra-mubru, brah~brèh wis ora nganggo éling. Malah mbambung nguber-uber kucing, nuṭuki babi, pokoké terus jumeneng potèt juḍi. Déné nggoné katon méwah kuwi mung saka nggoné kendel utang baé. Mangka ara sembada, mula iya akèh banget utangé, wis prasasat tanpa pétung. Ngono kuwi ya nganti sepréné iki, mula embuh kepriyé kadadéyané wong kaya ngono iku!'
'O, dadi ngono ta, ḍik Sub, cetané Warsat iku kegolong wong sing asor budiné ta?'
'Pancèn ya ngono, mas Kam. Mung anggepé olèhé kumraja-raja iku. Ora iḍep temen yèn mung karo témpé waé isih aji témpé.'
'Wis genah kuwi, ḍik. Témpé yèn bosok isih dibutuhaké nguwong akèh. Balik wong sing budiné bosok, sing mbutuhaké ya mung tutuk karo totok, jiwané pisan suk kanggo tombok.'
'Angèlé, mas, upama diélingna pisan wong wis jeneng kasèp olèhé nglalunglali, iku tangèh yèn gelem élinga. Sing mesti ya malah seling surup.'
'Iku wis salumrahé wataké wong ciri wanci, iku mariné yèn wis diujuraké ngalor. Lha yèn dina Minggu ngéné iki Warsat mestiné minggon ya?'
'O mesti, mas. Aja manèh kok dina Minggu ora minggon, wong dina Senèn ya nékad senènan sapituruté.'