Tamu Nyebahi

Saka Wikisumber
Panjurung

[ 58 ]TAMU NYEBAHI 4

Ibne Damayanti

Bubar adus, watara jam papat wayah sore, aku ngepenakake awak lungguhan nglaras ana teras. Kejaba ngematake kembang sing” amrok ing taman cilik kang tansah dakrumat, uga weruh slira-slirine” | kendharaan ana dalan. Sinambi ngemil mete sing dadi kémaremanku, nyuuut ... pikiranku kelingan bapake bocah-bocah sing saiki lagi ngayahi | tugas ing Surabaya. Paling ora seminggu meneh bali. Ah ..., muga tansah | pinaringan slamet, ngono swaraning batinku. 1

Dumadakan, sreeet ... ana taksi mandheg ing ngarep omah. Bareng penumpange metu daktamatake. Priyayi kakung ditutake kenya ayu sing dandane “adhuhai” .... Priyayi mau mbukak kacamata sing” | dianggo. Sanalika aku sadhar, ngadeg, lan methukake. Jebul Mas Dono, | kamas nak sanake bapakne bocah-bocah.

“Sugeng, Kamas? Wah lha punika sinten?” aku nanjih. 5

“Slamet, Dhik, iki rak ya Marina, anakku nomer telu, dadi yaa l ponakanmu. Rin, iki Bulikmu, kana dha tetepungan,” Mas Dono dhawuh ; lan aku uga banjur salaman karo kenya ayu mau, Bareng wis lenggahan | Mas Dono mundhut pirsa,

“Endi iki Rakamu, Dhik?” pandangune,

“Mas Manto, nembe tugas dhateng Surabaya, Mas. Seminggu malih nembe kondur,” aku blaka,

“Oo...”, Mas Dono manthuk, wusana tembunge, “Mangka aku sowan rene ki ana rembug je, Dhik.”

“Rembag punapa, Mas? Bok bilih mangke manawi Mas Manto sampun kondur kula saget matur,”

“Wah, mangka kudune saiki, ning ya wis, aku dakmatur, bok menawa sliramu bisa mutusi. Ngene Iho, Dhik, ponakanmu Rina ki rak arep ndhaftarake kuliah. Ning neng ngendi isih bingung. Mung panjaluke kudu neng Yogya, mula kudu isih madik-madik, universitas ngendi sing disenengi. Pokoke aku mung nyedhiyani ragad,” ngendikane Mas Dono nyethakake kersane. Dak deleng Marina ngolak-alik majalah, ora peduli apa sing dingendikakake bapake lan aku.

f




58 [ 59 ]“Jane Marina ki ya wis kuliah ing Jakarta, ning kok bosen njur kepingin kuliah ing kene. Iki mau aku saka Semarang, kabeh padha sehat.”

“Lha, kersanipun Mas Dono?” aku nerang.

“Kuwi ngene Dhik, nek sliramu ora kabotan, aku ndherekake Rina iki kira-kira seminggu ana kene, piye? Ya kuwi mau, kanggo golek sekolahan.”

“Saget, Mas,” wangsulanku tanpa dakpikir merga aku ngelingi yen sing njaluk tulung kuwi sedulure sisihanku.

Sawise rembugan rampung lan dirasa cukup, Mas Dono mundhut pamit kondur menyang Jakarta, arep nitih sepur mbengi.

“Rina, kowe sak kamar karo Amik, ya? Merga kamare mung pas-pasan,” kandha ngono aku terus natakake dhipan sing ana kamare Amik.”

“Gampanglah, Tante, aku turu neng ngendi wae bisa, kok,” wangsulane Rina ngenaki ati, sing marahi nicil ayem. Ya sanajan rada pekewuh lan sabisa-bisane aku omong, lha wong Jakarta je, gek ora bisa basa Jawa. Maklum wiwit cilik nganti semene gedhene lagi ketemu saiki. Aku nate krungu lan dicritani sedulur sing ana Semarang, yen putrane Mas Dono ki ana sing dadi artis, pemain sinetron ... apa ya Rina iki?

“Amiknya wis kuliah, Tante? Lan saiki neng ngendi?”

“O ... durung Rin, isih klas II SMU, saiki lagi tante utus neng eyange, ngirim lauk. Sedhela meneh rak teka ... dheweke isinan Iho, Rin. Yuk, saiki ing kamar, kowe bisa ganti pakaian lan ngaso,” pangajakku karo njunjung kopere, dakgawa mlebu kamar.

Dodot, anakku sing cilik bali saka omahe kancane, nggarap prakarya. Weruh gelas-gelas ana kamar tamu banjur takon,

“Ana tamu, Bu? Sapa tamune?” Dodot njupuk mete, diamem.

“Ana, Dot, Mbak Rina putrane Pakde Dono sing ana Jakarta, panjenengane kuwi sedulure bapakmu tunggal eyang, dadi kowe karo Mbak Rina ki tunggal buyut ngono. Mbak Rina ana kene arep golek sekolahan, jare seneng kuliah neng Yogya.”

Dodot mung monthak-manthuk karo aa...o, maklum bocah SD. Semono uga olehku ngandhani Amik, nalika wis bali saka nggone eyange. Malah takkon sing semanak lan ora clingus isinan karo tamune, kareben saya rumaket pasedulurane, sapa ngerti suk ketularan dadi artis kondhang.

59 [ 60 ]Wus wayah makan malam Rina tetep ora metu saka kamare, bok menawa ; wae kesel lan sayah. | Dina candhake. Wis jam sepuluh awan Marina durung metu saka | kamar, durung tangi. Ha, ya, mau bengi mulih diterake mobil kinyis- kinyis | sing nyopiri wae bagus sanadyan umur-umurane meh padha karo bojoku. | Aku rada kaget ning ora wani takon, sapa ta tepungane mau. Jan-jane Hi Marina pancen grapyak akeh pengalamane ing jagad modheren, disco, | kenal artis iki-artis kae, uga blaka karemane ngrokok kuwi ora bisa diilangi. | |

Sapandurat aku pancen ngungun, weh ya ngene iki ta ponakane Mas Manto? Saiki, aku kepeksa ndhodhog kamare karo undang-undang. “Rinaa ... Wis awan lho, tangi ... sarapan yuk, kari sliramu Iho | sing durung maem,” batinku nggrundel, wong namu kok bisa-bisane tangi | ngepluk, gek prawan pisan, cah apa iki? |

“Aaah ... sedhelet, Tante ...,” krungu wangsulane sajak karo | ngulet. Esuk kuwi daksiapake sega goreng lawuh rempela ati, sanadyan | sing kanggo anak-anakku cukup endhog dadar, Gandriiiik ... metu saka kamar Marina nganggo baju tidur transparan. Tujune ngomah sepi, yen anak-anakku padha weruh gek njur kepiye?! Ana kamar mandhi suwene ora njamak -njamak, embuh ngapa. Merga aku banjur ubeg reresik kamare | Dodot. Weruh-weruh wis neng ruang makan, ilang-iling sarapan sing wis | daksiapake, weruh aku Marina kandha, “MaafTante ... Rina nggak selera makan iki, gampanglah Tante, Rina maem njaba wae, iki aku rada kesusu | ana janji karo kanca, Tante ora sah repot-repot,” kandhane tanpa mikir | yen atiku banget tersinggung.

“Ya, kuwi kabisane tante, Rin. . ngono kuwi yen anak- anake tante ora nakal maem apa anane, abang turut tante wis marem,” kandhaku kanthi kelara-lara. Bubar nutupake tudhung saji ing meja makan, Rina mlebu kamar. Metune wis nganggo clana dawa ketat, kaos sing dhadhane mbleweh, sepatu jinjit methit, nyangklong tas pacakane menor, karo wira-wiri dheweke takon.

“Neng kene ana tilpon, Tante?” |

“Nggak ana Rin, gaji Ommu ora cukup kanggo pasang tilpon,” wangsulanku wis wiwit atos. Jeneh, jare arep golek sekolahan apa kuliah, | ning kok dandanane kaya ngana, gek baline bengi-bengi, gek diterake | om-om. Bocah apa ta, iki?!

60 [ 61 ]“Yen numpang tilpon neng tangga, isa ora ya, Tante?”

“haya mbuh ya, wong tante ki ora tau tilpon-tilponan. Yen pingin tilpon ana ing prapatan dalan gedhe iki, tilpon umum,” wangsulanku nekad.

“Eah, getun deh Tante, Bang Aler sing ngeterake aku mulih wingi arep menehi pager wae daktolak. Lha yen arep butuh taksi, Tante?” pitakone Marina sajak kepenak wae, ora ngrasakake yen aku nggondhuk.

“Ya, ngadhang neng ratan gedhe, yen ana taksi liwat banjur distop,” wangsulanku karo wegah-wegahan.

“Yaah.., yenngono tulung deh Tante, Tante adhangke neng ratan banjur kon mrene, Rina sing nanggung mbayare. Aja kuatir Tante, merga Rina nggak kuat panase srengenge, alergi bisa rusak kulit Rina mengkone.”

We, lha, edan tenan, saya nranyak bocah iki. Ra butuh aku direhke tamu sanadyan ponakan, mula wangsulanku, “Ra isa Rin, tante ora bisa merga isih akeh gaweyan sing kudu dakrampungake, tante arep masak

kanggo anak-anake tante ...,” banjur aku gage mlebu pawon. Marina nututi neng pawon karo kandha, “Ya, wis lah Tante, Rina metu dhisik, ana janji penting!” p

Sapungkure Marina mau, embuh menyang ngendi, lan janjian karo sapa, aku thongo-thongo neng ngarepan. Atiku mangkel, lara lan sebah. Batinku getun dene aku kok gelem ketitipan. Ha, ya, piye tamu kok ngereh sing duwe omah. Ora perasaan, gek tanpa sopan santun, karo anak-anakku ora ngrewes. Jare golek sekolahan ... ah, mbuh.

Bengi candhake, Rina lan Amik wis padha neng kamar wiwit sore, mbuh, kadingaren kok bengi iki ora tindakan. Neng sekesuk nganti awan metu, aku ya wis ora mikir banget-banget bab maeme. Kira-kira jam wolunan Amik mlebu kamarku karo nggawa buku, ulate mbesengut.

“Bu, aku bobok kene wae karo Ibu ya, aku wegah karo Mbak Rina. Dheweke ngrokok Bu, aku ora betah karo kebule.”

“Saiki Mbak Rina wis turu apa durung?”

“Ibu ki, ya genah durung, isih ngolak-alik buku, daklirik ta, gambare saru-saru, Malah kae mau ngobong kertas sing wis diolesi bubuk putih saka plastik, njur diomba-ambu, aku ya dikon nyoba, aku wegah. Bar kuwi kok banjur ngguya-ngguyu dhewe. Aku wedi, mula njur rene Bu, ih... cah ayu-ayu kok ngrokok ya, Bu?”

61 [ 62 ]“Yoh...yo.. wis, bobok karo ibu wae Mik, saiki sinaua mengko” gek mapan.” Aku banjur mateni TV kareben Amik ora keganggu olehe sinau. Rampung sinau, Amik turu ing sisihku. Sidane aku mung gedabikan mikirake tamuku. Wis arep entuk patang dina sesuk. Esuk sadurunge budhal sekolah, Amik kandha, “Bu, tamune gek kon bali wae, aku dadi” ora bebas'sinau neng kamar. Yen tamune ora ndang bali, mengko aku ora mulih lho, Bu. Aku dakmulih neng nggone eyang wae.” Rampung kandha, Amik ngesun tangan banjur budhal sekolah; polatane katon susah. | O0, mesakake anakku Amik. Aku kudu tegas. Timbang anakku ora mulih, | aku kudu mentala ngusir tamuku mau. Perkara mburi embuh mengkone. | Wong jarene golek sekolahan, kok senengane lunga nganti mbengi, 0ra | tau maem ngomah, gek ora perasaan pisan. Wayah awan dakdeleng Marina wis siap metu. Dandane kaya padatan. Apa ya ngono kuwi arep golek sekolahan? Lan dhasare wiwit dina kapisan Rina ora tau saba | omah. Ning dudu kampus sing digoleki. Embuh olehe peparan, aku emoh ngurus.

“Rina, tante arep omong sethithik, ya,” pangundangku.

“Apa ana sing wigati, Tante? Apa becike mengko wae, soale | wektuku mepet ki, janjianku karo tepunganku kudu jam iki Iho!” |

“Ora Rin, pokoke saiki .... Kene lenggah dhisik,” aku meksa.

Bareng wis lingguh aku kandha kanthi sareh. Muga dheweke | ngerti tenan.

“Rina, apike wiwit saiki sliramu nginep wae neng hotel apa losmen, merga bar Maghrib, eyangnya Amik arep ngajak kita kabeh ngaruhake sedulur sing lara ana ndesa, Lan baline kapan durung ngerti, merga ya | ana sing arep ewuh pisan. Rak ora kabotan ta, Rin? Apa meneh dhuwitmu ya akeh, rak iya ta?” kandhaku setengah nundhung.

“Aah..., ora kok tante, kuwi luwih prayoga kok, Rina ya krasa yen gawe repote Tante. Yen ngono daksiap-siap wae, pamit ya Tante, matur nuwun gawe repot Tante wae yen mulih mbengi,” kandha meng- kono Rina ora katon nesu apa tersinggung, jan etel wae.

Sak suwene Rina tata-tata neng kamar, kepara malah omong dhewe monthak-manthuk karo muni “yaa”, “oke”, “oke”... nganggo piranti sing ditempelake ing kuping lan lathine. Apa kuwi sing diarani tilpon genggam ... apa pager sing nate ditawani saka Bang Alek kae?


62 [ 63 ]Ah, kok elok tenan, bocah iki. Aku njarak ora mingset saka kamar tamu. Bareng wis kabeh mlebu koper banjur pamit. Dumadakan wis ana mobil sing nunggu, gage Marina mlebu, banjur klenyer-klenyer bablas. Atiku mak plong, glong rasane, rumangsa uwal saka beban. Beban lan sanggan ngladeni tamu sing nyebahi, nadyan ta ayu.

Esuk nalika koran teka, dakbukak halamane mbaka siji dak- tamatake lan dakwaca. Sanalika aku kaget weruh gambare Marina ing sandhinge ana tulisan gedhe: WANITA CANTIK PENGEDAR OBAT TERLARANG TERTANGKAP BASAH DI SEBUAH LOSMEN DIKOTA GUDHEG. Durung dakterusake pamacaku, aku muji syukur karo sing paring urip dene omahku ora kalepetan ing kesalahan tumindak.

63