Kaca:Panjurung.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

TAMU NYEBAHI 4

Ibne Damayanti

Bubar adus, watara jam papat wayah sore, aku ngepenakake awak lungguhan nglaras ana teras. Kejaba ngematake kembang sing” amrok ing taman cilik kang tansah dakrumat, uga weruh slira-slirine” | kendharaan ana dalan. Sinambi ngemil mete sing dadi kémaremanku, nyuuut ... pikiranku kelingan bapake bocah-bocah sing saiki lagi ngayahi | tugas ing Surabaya. Paling ora seminggu meneh bali. Ah ..., muga tansah | pinaringan slamet, ngono swaraning batinku. 1

Dumadakan, sreeet ... ana taksi mandheg ing ngarep omah. Bareng penumpange metu daktamatake. Priyayi kakung ditutake kenya ayu sing dandane “adhuhai” .... Priyayi mau mbukak kacamata sing” | dianggo. Sanalika aku sadhar, ngadeg, lan methukake. Jebul Mas Dono, | kamas nak sanake bapakne bocah-bocah.

“Sugeng, Kamas? Wah lha punika sinten?” aku nanjih. 5

“Slamet, Dhik, iki rak ya Marina, anakku nomer telu, dadi yaa l ponakanmu. Rin, iki Bulikmu, kana dha tetepungan,” Mas Dono dhawuh ; lan aku uga banjur salaman karo kenya ayu mau, Bareng wis lenggahan | Mas Dono mundhut pirsa,

“Endi iki Rakamu, Dhik?” pandangune,

“Mas Manto, nembe tugas dhateng Surabaya, Mas. Seminggu malih nembe kondur,” aku blaka,

“Oo...”, Mas Dono manthuk, wusana tembunge, “Mangka aku sowan rene ki ana rembug je, Dhik.”

“Rembag punapa, Mas? Bok bilih mangke manawi Mas Manto sampun kondur kula saget matur,”

“Wah, mangka kudune saiki, ning ya wis, aku dakmatur, bok menawa sliramu bisa mutusi. Ngene Iho, Dhik, ponakanmu Rina ki rak arep ndhaftarake kuliah. Ning neng ngendi isih bingung. Mung panjaluke kudu neng Yogya, mula kudu isih madik-madik, universitas ngendi sing disenengi. Pokoke aku mung nyedhiyani ragad,” ngendikane Mas Dono nyethakake kersane. Dak deleng Marina ngolak-alik majalah, ora peduli apa sing dingendikakake bapake lan aku.

f




58