Kaca:Panjurung.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Ah, kok elok tenan, bocah iki. Aku njarak ora mingset saka kamar tamu. Bareng wis kabeh mlebu koper banjur pamit. Dumadakan wis ana mobil sing nunggu, gage Marina mlebu, banjur klenyer-klenyer bablas. Atiku mak plong, glong rasane, rumangsa uwal saka beban. Beban lan sanggan ngladeni tamu sing nyebahi, nadyan ta ayu.

Esuk nalika koran teka, dakbukak halamane mbaka siji dak- tamatake lan dakwaca. Sanalika aku kaget weruh gambare Marina ing sandhinge ana tulisan gedhe: WANITA CANTIK PENGEDAR OBAT TERLARANG TERTANGKAP BASAH DI SEBUAH LOSMEN DIKOTA GUDHEG. Durung dakterusake pamacaku, aku muji syukur karo sing paring urip dene omahku ora kalepetan ing kesalahan tumindak.

63